Jumat, 11 April 2025

Kumpulan Geguritan Anggitane Aming Aminoedhin

Kumpulan Geguritan Anggitane 

Aming Aminoedhin



GONJANG GANJING

“ukara apa ta gonjang-ganjing mono?”

Ngono pitakone anakku wadon, wayah sinau pelajaran basa Jawa, sing ujare angele ngalahake basa manca negara

Aku dhewe ora pati manjing
Bab ukara gonjang-ganjing
Mung wae anakku, sing ayu dhewe
Conto sing bisa digawe, mangkene

Negara wis ora isa tentrem
Amarga pejabate akeh sing padha merem
Mlaku kanthi ora ngati-ati, malah
Padha seneng korupsi
Akeh rakyat padha mlarat kesrakat
Pejabate malah minggat nggawa dhuwit
Akehe ora mekakat ana manca negara
Kanthi ora duwe rasa kuciwa

Ana maneh sing malah digawe
Tuku omah tanpa isa dicacah
Tuku lemah tuku sawah
Sak ambrah-ambrah
Tuku wong wadon
Kang dianggep ingon-ingon

Mula iku anakku wadon
Dadia wong wadon kang pinter
Aja nganti mung bisane dipinteri
Utawa malah dianggep ingon-ingon kaya sapi

Donyane gonjang-ganjing ben wae
Nanging mlakua sing becik
Kanthi ati resik, dadi wong pinter
Ora minteri kancane, lan maneh
Ora lali manembah marang Gusti

Desaku Canggu, 01/04/2013

SWARA KODHOK

Swara kodhok saka blumbang
Cedhak omahku, keprungu merdhu swarane
Kaya-kaya ora ana lerene, saut-sautan
Kaya swara orkes ndhangndhut
Ana lapangan Canggu kae

Wengi iki, ndhangdhute wis rampung
Nanging swara kodhok ngorek kae
Tambah rame tanpa leren, kaya mbengung
Ciblang-ciblung, ora bisa dibendung

Kira-kira kodhok kae padha seneng
Amarga ketiga ilang, mapag tekane rendheng

Udane pancen wis kerep tumiba
Akeh blumbang kebak banyune
Akeh kodhok padha ngorek
Tanpa ana enteke

Wengi iki wis sepi nyenyet
Nanging mataku ora gelem merem dhipet
Swara kodhok kang ngorek, gawe
Atiku kaya ngrungoke tembange
Gusti Kang Murbeng Dumadi

Wengi wis meh tekan esuk
Mataku ora ngantuk-ngantuk
Gusti, kula badhe sowan, paringana
Rejeki ingkang kathah, nanging, mboten serakah
Paringana iman kanthi tetep, nanging mboten
Kepencut ombyaking jaman
Sing nunjang palang

Desaku Canggu, 10/04/2013

ELING-ELING

Tembang eling-eling sira manungsa
Kang mbok tembangake
Saben wayah sore arep salat maghrib
Ana mushola ika, apa ya
Isih mbok elingi?

Urip mono ora oleh goroh marang liyan
Apa maneh korupsi padha lelumban
Kaya-kaya dadi rebutan
Golek pangan tanpa paugeran
Tanpa kringetmu dleweran, donyamu
Mung arep muspra tembe mburi

Tembang eling-eling sira manungsa
Kang mbok tembangake
Saben wayah sore arep salat maghrib
Ana mushola ika, apa ya
Isih mbok elingi?

Wong mati ora nggawa bandha
Dhewekan tanpa kanca, mori sasuwek
Lan karo dikancani amalan laku becik
Ati resik, uga laku weweh
Lan dana driyah marang liyan

Ananging ana apa, awakmu
Tetep lali manembah marang Gusti Allah
Tetep lali marang dana driyah marang liyan
Malah korupsi dhuwit negara tan kinira
Kaya lelumban rebutan pangan
Kaya ora ana dina liya, kaya ora duwe
Anak, bojo, kanca, lan sapadha-padhane manungsa?

Tembang eling-eling sira manungsa
Apa kowe wis ora eling?

Desaku Canggu, 01/04/2013

SAPA NGAMBRUKAKE MESJID

Sapa ta pawongan kang wani-wani
Ngambrukake mesjid kuwi
Apa ora wedi karo dosa
Amarga kuwi mono omahe Gusti Allah
Kanggo para umat nuruti prentah kudu manembah
Apa ora wedi kuwalat
Kamangka donya wis cedhak kiyamat?

Sapa ta pawongan kang wani-wani
Ngambrukake mesjid kuwi
Jare kanca-kanca, urip mono
Mung mampir ngombe lan ora bakal suwe
Aja gawe daksiya marang liyan
Aja gawe daksiya marang alam
Aja gawe daksiya marang tatanan
Donya pancen wis cedhak kiyamat
Nanging aja terus laku mblunat ora mekakat
Samubarang sing ana padha disikat
Samubarang meh-kabeh diembat
Kaya-kaya ora krungu jerite swara umat

Elinga dina mburi, ana urip ana pati
Samubarang kuwi ora mung angger ngganti
Goleka dalan swarga kanthi ati
Sujud ana mesjid netepi prentahe Gusti
Kanggo sangu budhal mengko nek mati

Elinga kuwi!
Elinga!

Surabaya, 29/11/2017

UDAN TANPA KENDHAT



Udan tanpa kendhat kuwi
Kaya ora ngerti dene saben dina, manungsa
Iku kudu ngupaya-upa, lan mbudidaya

Arep mlaku krasa mangu-mangu
Amarga udan tanpa kendhat
Sedina muput, kaya-kaya nutup
Dalane rejeki iki

Ananging apa amarga udan tanpa kendhat
Manungsa dadi lali mergawe, lan
Kudu ngenteni metune srengenge

Dak-kira ora kaya ngono
Gusti Kang Murbeng Dumadi
Wis paring wektu kanggo Pak Tani
Tetep sengkut gumregut, anane
Udan tanpa kendhat
Malah-malah sregep mergawe

Dene awakmu nek pancen ngersula
Anane udan tanpa kendhat, iku mono
Mung amarga awakmu lumuh
Nyambut gawe

Udan tanpa kendhat kuwi
Swarane kayadene ngelingake
Budhal nyambut gawe, apa mung
Neng omah turu nganti sore?

Mojokerto, 15/02/2018

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Maskumambang

Tembang Maskumambang Maskumambang  ( ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ)  asale saka gabungan rong tembung, yaiku “mas” (emas) lan “kumambang” saka tembung kambang....