Wong Gemblung

Wong Gemblung

dening: Widodo Basuki


Sing dimangerteni wong sadesa, pawongan anyar kuwi wong neneka. Embuh saka ngendi. Saben-saben ditakoni arang nate semaur, anane mung meneng. Panyawange manther menyang panggonan kang adoh tanpa tepi. Rambute sing gimbal ditaleni duk pucuke, njur dipunthelake mendhuwur, sabrebetan kaya kuncung. Pawakane sing lemu, susu ing dhadhane katon gimblah rada nglembreh, pakulitane sing katon resik, nandhakake yen sejatine ora bisa dipadhakake karo wong-wong gendheng utawa wong edan sing biyasane buwangan saka cakupan gelandhangan ing kutha-kutha gedhe, njur keplantrang nganti tekan Desa Kertaraharja iki.

     "Di, ayo coba ditakoni. Sapa ngerti wong iki mengko gek wong ningrat sing lunga njur digoleki sedulure..." Parman kandha marang Miswadi.

     "O, karepmu wong gendheng iku njur kok rumat. Ngono, ta?" Miswadi rada ngerti apa sing dikarepake Parman.

     "He-eh, sapa ngerti iki dalan rejeki. Sapa ngerti suwe-suwe gelem dijak caturan, terus yen gelem blaka omahe ngendi, mengko ditlusur ana ngendi kulawargane... terus... saiki..."

     "Terus, kok biwarakake neng koran. Utawa kandha marang wartawan murih dadi warta menarik, ngono ta?"

     "Ora mesthi kudu wartawan. Karomeneh endi ana wartawan lusak-lusuk menyang desane awake dhewe sing panggonane ana pethite gunung iki?"

     "Ah aja ngono, jamane saiki wis ora jaman kaya sepur lempung..."

     Wong loro ngguyu jegigak-jegigik. Sakjane mono kekarone kepengin kaya kang nate kadadean ing Desa Kartaraharja sawetara wektu kepungkur. Pancen nate ana wong edan neneka. Wong edan mau njur dirumat, dipotret lan dikirimake ing surat pembaca salah sijine koran. Bareng warta lan fotone kasil dimuwat, let sawetara sasi ana wong asale saka kutha sing ngakune dheweke iku kulawargane sing wis suwe nggoleki. Manut critane, wong edan mau keplayu saka Rumah Sakit Jiwa, lan nalika metu kena razia njur dibuwang embuh menyang endi, sauntara kulawargane nggoleki menyang endi-endi ora ketemu. Nalika bisa ketemu ing Desa Kertaraharja, nganti wekasane waras-wiris, kulawargane wong gendheng mau teka maneh ngesokake atur panuwun kang tanpa upama marang warga Kertaraharja kang gelem ngrumat, malah sing ngrumat mau njur dianggep dulur lan dibantu kebutuhane.

     Eling crita kuwi, Parman karo Miswadi nyedhaki pawongan sing neneka lan mandheg lungguh dhelog-dhelog ing buk ngarep bale desa Kertaraharja.

     "He, kowe wong ngendi?"

     Pawongan iku ora noleh babarpisan. Panyawange mung manther menyang panggonan kang adoh banget dinulu. Durung nganti anggone nakoni Parman, wong-wong desa padha grudug-grudug teka.

    "He, kowe kuwi budheg, apa ora? Ditakoni mbok ya dirungokake!" Santo, bocah lemu ginak-ginuk sing lagi teka katut nrambul melu takon. Pawongan kuwi njur dihoyog-hoyog awake. Ning tetep meneng wae.

     "Mengko dakwenehi sega. Kowe kait wingi rak durung mangan, ta? Ning yakuwi, aku tuduhana nomer togel sesuk metune pira?"

     Pawongan kuwi njur noleh sedhela karo mencereng. Ora suwe nyawang maneh menyang panggonan kang adoh, embuh menyang endi.

     "Sing gendheng iki sakjane pawongan neneka iki, apa wong-wong desa kene, ya? Ayo buyar! Buyar!" kandhane wong sing ndhesel saka mburi.

     Sawise wong-wong sing padha ngrubung mau lunga siji mbaka siji, Parman lagi nyoba lungguh ing cedhake. Kanthi kebak pengati-ati, dheweke nyoba takon kanthi nggunakake basa krama.

     "Panjenengan sinten ingkang paring asma, dene kersa menapa tindak ing dhusun mriki? Menawi kersa paring pangandikan dhumateng kula. Nyuwun pangapunten ingkang ageng menawi wonten kirang trapsilaning atur lan kirang pamengku dene para kadang ing dhusun mriki sami anggegujeng ing lampah jengandika."

     Krungu ukarane Parman sing kebak trapsila, ora katon digawe-gawe mau, pawongan iku noleh. Kanthi alon panyawange diarahake menyang manike Parman, karasa kaya ana daya nyoblos pulung jiwane Parman.

     "Ehhh, eehh mbegegeg ugeg-ugeg sadulita hemel-hemel. Sira sudi takon marang aku, Thole?"

     Parman manthuk

     "Ehhh, ehhh... pranyata isih ana pawongan sing isih nduweni budi pekerti. Iya, iya, yen sira takon marang aku. Jebul isih ana wong kang njawa ing kahanan kang semrawut iki. AKU kena sinebut wong kang kabur kanginan, kandhang langit kemul mega. Asliku aku teka saka wewengkon Karang Kadhempel..."

     "Karang Kadhempel?" Parman ngowoh. Sangertine, Karang Kadhempel iku rak ya panggone Semar?

     "Sliramu kurang percaya yen aku iki saka Karang Kadhempel? Iku pancen crita ing pewayangan, panggonane Semar, wong ala tanpa rupa kang nggedibal mring para satriya." kandhane pawongan iku.

     "Uh, dhasar gemblung tenan. Mesthi wong iki rada miring, alam pewayangan dipadhakake dadi siji karo alam kanyatan." ngono batine Parman.

     "Eh... eh... eh, sira ngarani aku wong gemblung? Wong miring? Eh,... eh..., jaman pancen wis kuwalik, thole. Ana wong prasaja diarani gemblung, merga ora lumrah ing bebrayan nyata kang padha uber-uberan rebutan dadi wong sugih. Ning kowe ora luput, thole. Pancen bener yen ngarani aku iki Wong Gemblung. Aku seneng diarani Wong Gemblung."

     Parman gragapan. Ora ngira yen wong ing ngarepe iki jebul ora sebaene. Nyatane weruh kabeh apa kang lagi dibatin Parman.

     "Hla menapa ingkang panjenengan rantos wonten mriki, jer tlatah mriki namung dhapur dhusun kapencil ingkang tebih saking kitha." Parman nyoba takon maneh.

     "Aku lagi nunggu tumurune Ratu Adil."

     Dheg!

     Kaya blangkemen bareng krungu wangsulane pawongan mau. Sajake saya kaya ora bisa dinalar ing pikirane Parman. Ratu Adil, saka tlatah Karang Kadhempel... iki saya angel dinalar. Ning, apa pancen pawongan iki gendheng temenan? Mengko gek dewa ngejawantah. Apa kira-kira Bethara Ismaya sing wujude pancen Semar? Ning mosok tumurune ing jaman modhern ngene? Iki genah ora nalar. Ora nalar!

     "Tumrapmu pancen aneh. Ora nalar. Ning aku dudu wong gendheng. Sing gendheng kuwi wong-wong dhuwur kana, para punggawa saiki wis kelangan pancadan nurani lan budi pekerti luhur. Anane mung bancakan, sing jarene makili wis ora eling karo sing diwakili. Delengen, lagi pirang ndina satriya padha dadi wakile kawula, ning wis padha jor-joran sing sarwa mewah, tetumpakan nggunakake kreta-kreta sing sarwa kinyis-kinyis. Kamangka dhuwit kuwi saka kringete wong cilik bangsa gedibal kaya bangsaku iki. Anane mung gawe proyek-proyek anyar sing bisa mblendhukake wetenge dhewe-dhewe..." kandhane pawongan iku maneh.

     "Hlo, sinten ingkang panjenengan wastani punika?" Parman nyoba nlesih.

     "Aku wis ora percaya karo para punggawa, para satriya ing kene. Aku wis panas. Mulane aku kepengin lunga, lunga kang adoh saka kene. Para satriya ing kene letheg, buneg, Ing utege, ing wetenge, arang sing isih nglungguhi dharmaning urip. Aku bakal bali yen wis ana satriya sing isih resik jiwanggane," kandhane.

     "Menika wonten donyanipun pewayangan menapa wonten alam nyata?" Parman isih nyoba takon.

     "Manut panemumu, apa bedane alam pewayangan karo kahanan kang nyata? Apa wis lali yen kowe uga diuber wewayanganmu saben dina?" pawongan iku noleh marang Parman karo mencereng.

     Parman ngowoh. Tumrape, lelakon iki mujudake keanehan sing ana lagi iki bisa diprangguli.

     "Nuwun, menapa wonten ta sejatosipun Ratu Adil ingkang panjenengan ngendikakaken punika?" Parman nyoba ngencerake swasana.

     "Ana, ning ora perlu dak wedharake. Aku mengko dianggep ngayawara. Jalaran jaman wis beda anggone nafsirake. Kabeh bisa nafsirake kanthi terwaca kalamun bali ngugemi nuranine dhewe-dhewe. Ing kono bakal metu pleniking panindak. Nadyan wong cilik ongkak-angkik, kalamun tetep gondhelan marang kang semesthine kanggo gondhelan bakal mbenerake tatanan-tatanan kang dibengkongake para punggawa nagara kang padha lali. Wis balia. Balia menyang omahmu, paesana omahmu kanthi edining katresnan lan panembah kang bener. Sing tansah eling lan waspada. Ora ana siang kok purih saka aku. Mung titenana wae apa kang lagi gelakon." kandhane wong mau karo nglungani, ninggal Parman sing ora bisa kumecap.

     Kedadean aneh tenan. Apa kang diucapake Wong Gemblung iku digawe wedi dening Parman: "Titenana wae!", mung ukara iku sing isih terus manther ing pikirane.

     Mulane bareng ing desane padha umyeg saben-saben ana wong nanggap wayang Semare mesthi ilang. Apa kira-kira iki sing dikarepake "titenana" kae? Sing pungkasan, nalika ing panggone lurah lagi ana sunatan lan nanggap wayang dhalange saka Sala, sengaja wayange Semar ana lima, merga lakone lakon carangan: Semar Kembar Lima. Ning, nalika wayang digebyagake, dhalange kebingungan merga Semare ora ana siji-sijia. Nalika ruwatan bersih desa iya kedadean mangkono, malah ora mung Semar thok sing ilang. Kabeh panakawan uga ora ana. Wayangane dadi cemplang. Sing ndelok kresah-kresuh bareng wanci gara-gara ora metu Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong.

     "Wah, iki merga Lurahe kira-kira wis dadi balane para buta." penontone nylethuk.

     "Iya, wis dadi balane Kurawa! Tanah kas desa katut diglagak!" sing saka mburi nyaut.

     "Ya aja ngono. Nadyan ta kira-kira ya bener mangkono desa iki sugih prestasi. Dadi wongki mbok ya aja nggunem negatipe wae, sing imbang. Positipe ya diunggulke. Nadyan korupsi umpamane, ning manfaate rak kanggo rakyat, ta?" Jimo, si blantik jaketan Levis katut menehi andharan.

     "Huuu... iku waton muni. Endi ana korupsi kanggo kepentingan rakyat? Omong ngono iku beteke melu kecipratan, ta?" Kasnadi, salah sijine tokoh pemuda melu nyaut.

     Akhire sing nonton pegalaran wayang wengi iku padha umyeg nggunem perkara miring ngenani pribadine kepala desa. Wiwit isih pilihan sing nuku biting, njur nglalekake sing padha milih dheweke, nganti sawise dadi temenan akeh dana proyek-proyek desa sing bocor merga disunat kana-kene.

     "Wah, yen perkara sunat-sunatan dhuwit ngene iki sakjane rak wis dadi barang lumrah, ta? Wis dadi budaya. Hla wong dadine kuwi merga buncine uga akeh, utang bank, ngedol sawah... kanggo pilihan lurah. Dadi ya wajar yen mumpung dadi njur dimanfaatake sak apik-apike." Si Blantik nyaut maneh.

     "Ngono ya ngono, ning ya aja ngono ta, ah!" sing liyane nyaut.

     "Yen digawe lumrah prasaku ya dadi lumrah kabeh." Sijine nrambul.

     "Sing ora lumrah iki yen saben wayangan Semare ilang kaya saiki iki. Hla njur apa nggo ngganti Semar?" pitakone Mbah Woto, sesepuhe desa, sing nyoba ngleremake sing padha umeg.

     Sing padha jagongan meneng. Lagi padha gragapan bareng saka mburi ana sing nyuwara bantas. Wong lusuh, rambut gimbal, pethentheng-pethentheng niru adegan wayang wong.

     "Eh, eh, belgeduweg sadulita hemel-hemel. Semare diganti dhuwit wae, Thole!"

Yen iki sing semaur pancen wong gendheng. Asli. Gemblung tenan. (*)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Maskumambang

Tembang Maskumambang Maskumambang  ( ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ)  asale saka gabungan rong tembung, yaiku “mas” (emas) lan “kumambang” saka tembung kambang....