Tak-Tike Jarot
dening: Eko Mrg.
KOEN wis kenal utawa weruh wae lah Jarot, Narko, lan Bonar? Iku lo arek kelas loro biologi? Sing kulina crenukan ndhuk warunge mbah Saji saben wayah istirahat?
Durung? Durung tenan? Wih, mangka areke terkenal lo!
Ya wis, gak pa-pa, dakcritani wae.
Sing jenenge Jarot kuwi areke cilik. Gak cilik-cilik banget, sih. Nek cilik banget rak bayi jenenge. Ning masiya ngono tampange Jarot ki lumayan. Penampilane ya okey. Up to date, gak ketinggalan jaman. Isih ditambah isen-isene bathuke sing sedhengan encer.
Iku mau Jarot. Saiki Narko. Narko iki areke gedhe, dhuwur, gagah eh... gagah gak sih, gawe gagah wae lah, lan prakosa. Rambute brintik kulite ireng. Karemane mangan lan turu. Cocok karo awake sing lemu.
Seje Jarot seje Narko uga seje Bonar. Bonar kuwi awake sedhengan. Dhuwure ya sedhengan. Rambute gak brintik kaya rambute Narko, uga gak lurus kaya duweke Jarot. Ikal. Sing paling mbendakake karo sakaro balane mau, Bonar nganggo kaca mata minus. Cocok karo karemane sing kulina maca.
Dadi kesimpulane arek telu mau pancen beda. Karone ngendi sih ana menungsa sing padha-dha? Wong sedulur kembar ae akeh sing gak padha kok. Aja maneh iki, sing njedhul saka seje guwa garba. Adoh. Ana sekilo beke.
Ning masiya ngono, manut panemuku, antarane arek telu mau ana kesamaane. Contone: tetelune padha-padha seneng karo pelajaran biologi. Terus maneh, nganti saiki, tetelune padha-padha durung nduwe pacare. Hla, ngenani cewek idholane, uga padha. Sing ayu, sing arek resik lan dhuwur. Huuu, nek iku akeh tunggale. Sasat kabeh cowok ya ngono kuwi senengane. Apa maneh. Gak urus, sing penting lak kesamaan.
Larasati iku cewek. Dudu adhike Jarot. Uga dudu adhike Narko lan Bonar. Larasati kuwi adhik kelase arek telu. Mapan ndhuk kelas siji-a. Rupane, kapokmu kapan, rek, persis karo sing diidholakake arek telu. Ayu, resik lan dhuwur. Gak kaget nek arek telu njur gulung koming gerah uyang karepe dhewe.
Manut sruwang-sruwinge kabar sing nampek ndhuk indera pendhengarane Narko sing kebacut peka, Larasati mono arek teka Blitar. Nganti neba ndhuk Trenggalek, kuthane arek telu mau merga ngetutake bapakane sing pindhah tugas. Njut, manut berita paling gres sing digawa Bonar, omahe Larasati ki mapan ndhuk RT 5; nunggal RT karo omahe Jarot.
Jarot, sing gak ngerti apa-apa, dadi njodhil sakayane.
“Mosok, se, Nar? Aku kok gak ngerti, se?” takone Jarot kebak rasa was-was.
“Koen ae sing kebacut budheg. Gak tanggap terhadap lingkungan sekitar. Mulane sing akeh srawung!” Bonar malah nguman-uman.
“Halah, gayamu ae, Rot, pamrihe ben entuk melok kompetisi!” Narko nutuh.
“Oiya, Rot! Sesuai peraturan kita nomer patlikur sasi Agustus taun sangang puluh pitu kepungkur, koen gak entuk melok kompetisi lo. Mengko gek lali?” Bonar ngelikake.
Jarot langsung kelam-kelom, persis arek cilik gak ditukokake jajan dening ibuke. Hemm, Narko lan Bonar kok isih apal, sih? Mangka peraturan gak tertulis lo. Apa maneh lek tertulis!
“Bener, Rot!” Narko mesam-mesem. “Ini kesempatanku karo Bonar. Dan, ini juga sesuai depan peraturan kita. Bener kan, Nar?”
“Yak!” Bonar manthuk-manthuk.
“Sodara Jarot tidak diperkenankan bersikap atau pun bertindak yang mempengaruhi kompetisi nanti tidak bisa berjalan dengan baik dan lancar.” Bih, gayane Narko jian persis anggota MPR ulung.
“Yak, tepat sekali!” Bonar melok-melok nyonto gayane Narko. “Sebaliknya, anda, sodara Jarot, harus ikut berpartisipasi memperlancar proses kompetisi.”
“Sifatnya adalah wajib!” Narko nandhesake.
Jarot langsung kukur-kukur sirahe sing gak gatel. “Aku durung kenal.”
“Itu tugas sodara. Mencari informasi sedetail-detailnya tentang Larasati. Dan, tanpa memanipulasi berita, informasi itu harus sodara berikan secara komplit, tanpa dikurangi atopun ditambah-tambahi!” Bonar mbenakake kaca mripate sing meh mlorot.
“Harus apa adanya. Kecurangan dalam menginformasikan berita adalah kesalahan besar, melanggar peraturan yang telah berlaku dan kita sepakati bersama.” Narko mencerengi Jarot lan sakelepasan nglirik Bonar sinambi mesem. Sing dilirik melok mesem. Akur...
Kaya sing wis dipikir sadurunge, Jarot sida gak enak mangan lan gak enak turu awan. Mulih sekolah langsung njegidhok ndhuk ngarep omahe. Kelam-kelom nggatekake plafon teras. Sedhela menyat sedhela lungguh. Atine gak tenang blas.
Semprul tenan kok Narko karo Bonar ki! Mosok tega tenan karo bala. Guyon-guyon parikena kok dadi tenanan mengkene. Ya nek Laras ki gak ayu-ayu banget, gak resik-resik banget lan gak dhuwur-dhuwur banget sih gak pa-pa. Ha iki, bangkoke eram lo. Nyawang blegere wae wis kaya diglandhang mabur raden Gathutkaca, hla kok dilarang melok kompetisi ngrampok atine, pa gak meriang tenan?
Ning, peraturane lak wis ngono ta, Rot? Peraturan sing wis koksepakati bareng-bareng. Sok sapoa sing sawijining wektua mengko omahe paling cedhak karo omahe cewek sing ditaksir koen arek telu, gak entuk melok-melok naksir. Gak entuk macari. Gak entuk kompetisi, menawa kompetisi pancen perlu diadani. Nyatane, kompetisi pancen perlu dianakake. Narko lan Bonar padha-padha pengin macari Laras. Pama sing ketarik ki mung Narko lan Bonar padha-padha, koen gak patiya ngrekasa, mung menehi informasi nyang salah siji ngenani Laras. Luwih-luwih nek arek loro iku gak pengin naksir, wow, gak bakal ana sing ngalang-alangi karepe wudelmu. Koen bisa wae langsung nyedhaki Laras, tanpa ndadak kesrimpung dening peraturan-peraturan gombale mukiya kuwi.
Hemmm, semprul tenan kok. Rasane ya gak penak nek kate curang. Gak sportif. Karo balae. Ning nek eling Laras iki ayune kaluwih-luwih ngono kuwi, wih, rasane kok gak ana salahe. Apa ya ngono ya penake?
Esuk iki teka jrok ndhuk ngarep sekolahan, Jarot langsung dicegat arek loro.
“Yok apa beritane?” takone Narko sajak ora sabar.
“Mau bengi aku melok poskampling,” wangsulane Jarot gak semangat.
“Apa hubungane karo beritane Laras?” Bonar mendelik, kaca mripate nganti meh mencolot.
“Aku jaga pos karo bapake Laras.”
“Trus... trus...?”
“Aku ya kenalan njut sithik-sithik nyinggung perkara anake wedok.”
“Trus...?”
“Jarene bapake, Laras iki anake tunggal. Gak duwe sedulur. Mulane ajeg disayang, dimanja lan dijaga.”
“Berarti gak entuk pacaran?” Narko setengah nglokro.
“Jarene sih ngono. Ning, nek Laras karep, bapake ya ora nglarang. Pokok isa njaga dhiri.”
Narko langsung mesem amba. “Wah peluang Nar!”
Bonar melu mesem. “Njut piye maneh, Rot?”
“Nek Laras mengko nduwe pacar, bapake seneng pacare seneng mikir.”
Bonar njengkerut, “Mikir? Makude yok apa kuwi?” “Bapake Laras rak seneng main catur. Sukur nek nganti pinter kaya utut Adiyanto kae. Luwih-luwih nek kaya Gary Kasparov bintang idholane.”
“Asik, aku isa catur iki,” Narko surak-surak.
“Wih, cilaka aku mesthi mempeng blajar iki. Nyilih buku pandhuane ya, Ko!” Bonar rada kuwatir. Soale isine catur mung kepetung isa-isanan...
DHEK malem Minggu kepungkur, ndhuk ruwang tamu omahe Laras, ana wong loro nyekinthuk nganti tengah wengi. Dudu Laras karo cowoke. Ning, Narko karo bapake Laras. Main catur!
Bola-bali Narko angop, ning bapake Laras gak ngreken. Terus wae Narko diajak menthelengi papan kothak-kothak kaya sarung kuwi, nganti keprungu adan subuh. Sakeplasan wae, Narko gak kober nglirik blegere Laras.
Sauntara kuwi, ndhuk plataran, ana arek loro lagi padha rerasanan. Gayeng banget. Kayane lagi ngobrolake filem sing mentas ditonton.
“Wis teka kene ae ya, Ras. Sampek ketemu sesuk.”
“Mas Jarot gak mlebu dhisik?”
“Gak usah. Onok bapakmu, kae lagi main catur.”
“Mas Jarot wedi? Bapakku gak galak kok. Karone aku wis tau crita kok ngenani mas Jarot nyang bapak. Bapak malah kandha, mas Jarot iki areke apik, pedhuli lingkungan, kulina jaga poskamling.”
Jarot mesam-mesem. Atine mbedhodhok.
“Mas, ngenani arek-arek sing sok nyurati aku kae, mas Jarot gak usah cemburu. Aku gak kate mlayu kok. Mas Jarot percaya, ya?” Mripate Laras kencar-kencar, kinclong-kinclong kesaput sunare rembulan sing wengi iki banget moblong-moblong.*
..:: 000 ::..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar