Sing Ora Tinulis
dening: Hartono Kadarsono
Aku lagi ibut ngresiki pesareane ibu nalika sawijining kenya marani panggonanku. Kenya mau mung saprelu luru kembang semboja sing mblasah ing lemah anggonku resik-resik.
"Nuwun sewu, Pak."
"Oh mangga! Ngersakaken kamboja?"
"Inggih! Manut ujaripun para pinisepuh sekar semboja menika wonten dayanipun kangge pados kabegjan."
"Mila? Kula kok nembe mireng samenika. Kabegjan ingkang kados pundi?"
"Menika gumantung dhateng tiyangipun. Ingkang dipunarah menapa?"
"Hla adhik badhe ngersakaken punapa? Kapinteran menapa ..."
"mBokmenawi sami panjenengan. Kepengin pikantuk kanca ingkang cocog."
"Menawi sami cocog tindak-lanjutipun kados pundi?"
"Duka nggih. Meneng-meneng panjenengan pinter memojokkan!"
Aku nerusake pegaweanku. Lan Atiek, jenenge kenya mau, uga nerusake anggone milihi kembang. Katone kembang sing dipilih mung kembang sing gedhe-gedhe lan sing isih seger.
"Kambojanipun kok ingkang seger-seger. Kangge jimat menapa namung kangge hiasan?"
"Lha ingkang kados pundi?"
"Menawi dipunalab berkahipun, kemboja ingkang kathahing kelopak bunganipun jangkep."
Atiek banjur nyetitekake kembang-kembang sing ana ing tangane.
"Rak ganjil sedaya ta?"
"Menawi mekaten kula dereng begja, nggih?"
"Duka. Nanging menawi tekun tamtu manggihaken kemboja ingkang kelopak bunganipun jangkep."
"Lajeng pinten dangunipun?"
"Dangunipun? Menawi sampun manggihaken."
Ndadak ora kenyana-nyana nem wulan candhake kepethuk gapyuk ing dalan Candi Sewu. Uga padha nunggal sedyane: nyekar! Ora kaya sepisanan sapatemon, saiki wis omber, wis ora kraman-kramanan. Ngoko pancene luwih luwes kanggo nyuntak gagasan-gagasan.
"Wis nemokake kamboja sing kelopake ganep?"
"Lagi sewulan kepungkur. Lan anehe kok malah nemokake rong iji."
"Terus perkembangan sateruse? Ana owah-owahan? Lan seprana seprene wis kaping pira sliramu menyang sarean?"
"Ya lagi sewulan kepungkur. Banjur iki mau dina Jemuwah Legi. Dakperlokake nyang sarean. Sapa ngerti bisa ketemu karo Pak Har. Biyen kae rak ya dina Jemuwah Legi ta?"
"Sliramu bocah sing tliti. Aku kok wis lali. Ning apa ya mesthi Dina Jemuwah Legi aku mrene?"
"Iki mau mung spekulasi. Untung-untungan. Kanggone bebrayan Mediun dina Jemuwah Legi dina sing apik kanggo nyekar."
Sapatemon sing prasaja. Kayadene sing dialami dening sadhengah wong. Kaprasajan sing nukulake dina-dina sing edi ing mangsa sateruse. Ing selaning dina endah iku kala-kala thukul rasa sumelangku. Umurku sing setengah abad luwih kok ya kolu-kolune kekancan karo Atiek sing lagi mekar, sing apese lagi ngancik selawe taun. Aku ora nyumelangkae awakku. Aku nyumelangake Atiek mungguha kekancan iki mung dakcuthel sawarna kekancan wae. Ora ana tindak lanjute. Mengko gek Atiek ceklek atine.
Gorehku mau dakandharake marang dheweke.
"Aku ya ngerti yen bedaning umur pancen kacek akeh. Ning kabeh mau wis dakdhadha. Mangertia Pak Har, akeh kancaku priya. Ning sawise sapatemon sepisanan ing sarean kae aku jur katon-katonen Pak Har wae."
"Tenan kuwi? Rupa lan kepinteran ora dakdarbeni."
"Pak Har! Kenya mono anane mung sumarah, anane sabar ngenteni. Wanita kawengku ing kodrat."
Aku ora suwala. Jalan Pahlawan sing padha ditlusuri sore iku wiwit rame. Pating sliri tetumpukan. Ora ana sing mlaku, kejaba wong loro. Sir-siran jaman Majapahit ing alam globalisasi.
Dina-dina sabanjure tetep ora owah. Atiek kerep ndolani aku. Jejere dadi wong tuwa, sing mungguha pegawe negeri mono wis pensiun, tandang-tandukku dakgawe kaya sawijining bapak. Murih aja nganti ana grahana.
"Pak Har!"
"Apa ta Tiek?"
"Kena apa Pak Har tetep mbujang?"
"Merga ora payu rabi. Rak sepele ta jawabane?"
"Iya. Jane ngono anggonku takon ki merga ibu tansah njaruwe Pak Har wae."
"Apa ngendikane?"
"Jare hubungan kita iki ora srasi. Ngendikane jare yen ibu pinuju sare kerep ngimpi kepethuk Pak Har."
"Mongsok?"
"Embuh ya!"
Atiek daksawang. Panyawang rasa welas, krana aku ngira yen Atiek nguwatirake nasibe. Panyawangku dakalihake menyang njaba. Mediun ngarepake surup. Atiek isih durung kumecap. Reka-rekane aku mbukaki bukune sing wiwit mau diseleh ing kursi. Tekan lembar pungkasan, sumlempit ing samak buri sisih njero, kemboja sepasang tinata rapi linambaran plastik.
Pikiranku nglambrang. Kembang sepasang! Kembang sepasang! Wusanane daksanggah dhewe. Iki jaman globalisasi. Wis ora jamane mikir sing ora tinuku nalar. Apa hubungane kembang karo Atiek karo aku karo ibune Atiek? Iku rak nalar jaman bahula.
"Atek! Sedhela maneh surup. Apa Atiek ora bali?"
"Kanyatan wis lumaku tumrap kita. Mula aku njit-njiten arep mulih."
"Anggepen kabeh mau pacoban. Kari bisa apa ora Atiek mrantasi godha mau."
Alon-alon Atiek menyat saka kursi. Saiki tetep atine. Ora antara suwe nyuwun pamit. Ing ngarep lawang plataran isih kober aku ngelingake bab kemboja.
"Kembojamu rak sik isih ta? Meneng tanpa wangsulan.
"Isih sepasang?"
"He'eh. Isih sepasang."
"Ya iku masalahe. Rong iji aja mbok jarwakake karo sepasang, apa maneh mbok jarwakake karo sejodho."
"Hla apa maksude?"
"Iki eksperimen. Coba mbuwangen salah siji. Kembang mono rak pralambange wanita ta? Coba dipikir. Kembang loro ateges wanita loro. Kenya loro."
"Aku kok durung mudheng. Mengko dakpikire nganti tuntas. Wis ya?"
Minggu uthuk-uthuk Atiek mara maneh. Let rong minggunan saka kedadean kepungkur. Katon sumringah polatane, gek bocah kuning pisan. Criwise kumat maneh.
"Ora hlo, jan-jane ana apa ta kok beda banget karo wingen-wingenane?"
"Eksperimene Pak Har ces-pleng. Sawise dakpikir kanthi wening."
"Hla terus sakbare kuwi?"
"Pak Har kersa ta dakundang Mas Har?"
"Ana kedadean apa ta, Tiek?"
"Sembojane kae dakbuwang siji. nDadak ibu pirsa. Jur dipundhut pisan."
"Ora nlesihake pisan?"
"Ora! Lan anehe sabubare kuwi ibu wis ora ngrembug sesambungan kita."
"Jur Atiek malih sumringah? Ai! Ija apa ora?"
"Ning ya kuwi saiki ibu kerep menenge timbang mau-maune. Lan fotone swargi bapak sing cumanthel ing tembok asring ditiliki."
"Kok nyalawidi men. Wis pirang taun ta bapakmu tilar donya?"
"Saprene limang taunan."
Limang taun! Wektu sing suwe kanggone ibune Atiek sing umur-umurane patang puluh limanan. Masa pubertas sing kaping pindho. Rasa kangen pasih-pasihan duknalika swarga kakunge ana thukul tanpa kajarag. Iya krana nemokake kembang kemboja kuwi siji-sijine alternatif kanggo ngonceki kena ngapa saiki kelingan swargi kakunge. Apamaneh kanyatan saben dinane meruhi dhewe solah tingkahe anake sing lagi kekancan karo priya.
"Mas Har?"
"Iya!"
"Piye pitakonku mau?"
"O iya meh wae lali. Ning apa ya Atiek wis mantep tenan? Wis mantep dadi kekasih? Wis mantep dadi jatu kramane jaka tuwa?" Amem. Sepi sawetara. Atiek nyilakake kordhen cendhela. Ngingeti kahanan njaba. Bambang karo Nita metu saka ngomah. Bocah loro kuwi tansah rukun ora tau tukar padu. Kuwi mono iya saka pintere wong tuwa anggone nggulawenthah putra-putrine. Lan saiki bocah loro kuwi tansah diawasi Atiek.
"Serasi ya?"
"Kuwi mono wong kakang-adhi!"
"Iya! Ning mungguha dudu kakang adhi rak malah luwih sengsem. Padha runtang-runtung!"
"Atiek ewa ya?"
"Aku pengin kaya iku."
"Karo jaka tuwa?"
"Katresnan thukul ing sadhengah papan. Embuh ing lemah cengkar, embuh karo jaka tuwa."
"Dadi aku iki klebu lemah cengkar?"
"Setaun luwih kita sesambungan. Ning jroning setaun iku Mas Har durung tau ... "
"Durung tau ngesun? Ngene ya Tiek. Katresnan mono ora perlu dikatonake wela-wela. Sing dadi paragane, sing padha lelumban, ing kono mesthi bisa ngrasakake kanthi nitik solah bawa lan pocapan-pocapan sing kawetokake."
"Bisa dakanggo gondhelan pranyataane Mas Har?!"
"Tiek! Nyangapa ta aku grusa-grusu yen aku ngerti bocah sing daktresnani iku ora bakal keliya? toh akire aku bisa ngrasakake sing tuku ing dina-dina sing bakal teka?"
"Dadi Mas Har tresna tenan?"
"Gumantung saiki pangrasamu piye?"
Atiek isih ing lingire cendhela. Nalika dakcedhaki pandengane manther. Mripate cemlorot, kaya ana cahya sing nembus dhadhaku. Apa ya ing kene iki tumurune sihing Gusti Allah marang kawulane? Aku ndudut analisaku dhewe, ya Atiek iki sing dikersakake Gusti Allah minangka sisihanku. Aku ora tidha-tidha maneh.
Ya ing minggu esuk sing endah kuwi Atiek daksun. Lan Atiek ora suwala.
"Mas?"
"He'eh!"
"Saiki aku yakin tenan, ya mung mas sing dakarep-arep minangka gondhelane jiwaku."
Lan wektune mrambat terus. Jam sepuluh. Wis titi wancine yen Atiek kudu bali.
"Tiek! Wis jam sepuluh, ya dakterake bali. Mundhak Jam sepuluh kutha Mediun wiwit panas. Kendaraan sing pating sliri rebut ducung nambahi kecepatane. Embuh jaman saiki kok akeh wong sing ora sabaran. Padha nggugu karepe dhewe, ora noleh ngiwa-tengen.
"Kok langsam ta mas? Wedi yen tabrakan?"
"Ora hlo sing diburu iki apa? Langsam kaya ngene lan dakbanterake kaceke wektu ya mung limang menitan. Apa ajine wektu limang menit tumrap kita, Tiek?"
"Tibane Mas Har iki ditimbang karo liyane seje dhewe. Apa-apa kudu tinemu nalar!"
Menit-menit candhake wis tekan ngarep omahe Atiek. Saka kadohan omah katon sepi. Lawang ngarepan diinep. Tranyak-tranyak Atiek ngener lawang. Tekan ngarepe jegagik kene padha gumune. Ing jobin pas sangisore potrete swargi bapake Atiek, ibune Atiek lungguh simpuh. Potret didhunake lan diadhep. Ing sisihe gumlethak kembang kemboja. Buku cilik ing astane ibune Atiek. Lan lamat-lamat keprungu swartane maos Surat Yasiin. Ing ngarep lawang kene ngenteni sauntra. Bubar maos terus ringkes-ringkes. Pirsa yen kene sabar ngenteni piyambake mung mantuk lan ngacarani pinarak. Lan terus mlebu.
"Ana sing nggronjal jroning atimu, Tiek?"
"Aku sumedhot lan trenyuh."
"Ya kuwi Tiek beban kita."
"Wis wiwit dakrasakake."
"Iku pacoban kanggone awake dhewe. Ning aja dianggep kayadene pepalang. Kuwi mono kaca brenggala saka Gusti Allah tumrap kita. Pepeling sing ora tinulis. Lan weca sing ora tinulis kudu digoleki lan disinau. Lan dijupuk hikmahe. Allah mono sing ngatur kita."
Atiek ora mangsuli. Dakrasa ana sing mumpal-mumpal ing dhadhane.
"Wis ya Tiek, aku nyuwun pamit."
Ana tembung-tembung sing arep kaucapake. Lan aku ngraskake ana benang alus sing padha dene nggabungake sesambungan antarane anak lan biyung. Benang mau sumimpen rapet ing sanubarine ibu lan anak.
"Tiek! Daksuwun sliramu aja gawe kejote penggalihe ibu. Samubarang sing sabar lan tawakal."
"Aku ngerti mas!"
"Dieling-eling, ya!"
"Bakal dakestokake nasehate Mas Har!"
"Lah rak ngono. Wis ya aku nyuwun pamit."
"Vespane diasta wae, mas!"
Vespa daktuntun. Tekan plataran njaba nuju dalan gedhe aku noleh memburi. Atiek isih ana ing panggonane sakawit. Lan nyawang aku. Aku ngudarasa. Aneh, katresnan mono lungid lan kebak wewadi. Nanging endah lan uga sawijining pranatan sing ora tinulis.
...::: 000 :::...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar