Sang Tuan
dening: Keisya Indira
Saka akehe wong ing donya
Dheke sing paling tak senengi
Dheke beda karo liyane
Kuwi sebabe aku seneng karo dheke
Mripate sing mencorong
Eseme sing ngujiwat
Uga pasuryan sing nengsemake
Nanging kabeh mau mung khayalanku
Anane ora nyata
Nanging dheke bisa nambani tatuku
Papan kanggo ngesok rasa
Sakwernaning rasa
Dheke minangka omah kapindho
Panggonku sambat kajaba sajadah
Banuyuwangi, 15 Mei 2023
Tidak ada komentar:
Posting Komentar