Rembulan Salining

Rembulan Salining

dening: Ratnadyan SA


Padhange wis ora kaya rembulan purnama maneh. Ibarat rembulan dheweke mung kari salining, wis adoh saka jaman rikala dadi kembang desa banjur kembang kampus. Nastiti wis dudu remaja maneh, umure wis meh arep patang puluh taun pirang dina iki.

Saiki dheweke nembe kelingan marang ujare Biyakta. Ujare Byakta dadi kanyatan, sing kaya ramalan bae iku, "Wis ta, jodhomu mbesuk umure lak luwih tuwa, Ti!" Kabeh ngono mau amarga dheweke lara ati banjur kaya-kaya ngesotake, lagake kaya Bandung Bandawasa kae marang putri kang saiki dadi reca ing candhi Prambanan, Rara Jonggrang! Nastiti ndhisik pancen nolak dadi sisihane Biyakta nanging ora amarga umure Biyakta luwih enom. Biyakta pancen adhi tingkate ing FKIP, Fakultas Keguruan, nanging ana alasan liya kang ora bisa dicritakake.

Sejatine atine Nastiti kaya-kaya disuwek-suwek mangerteni Biyakta lara ati ora bisa ngranggeh gegayuhane nanging arep ngapa maneh? Nastiti ya luwih trisna marang bapake. Bapake Nastiti kagungan gerah TBC, wis kronis. Yen watuk uhuk-uhuk karo nyepeng dhadhane sing kropos lan muntahake getih. Senadyan wis berobat ajeg lan ana pangarep-arep bali waras nanging Titi wis kadhung wedi, dheweke trauma.

Wong-wong isih nuding ala marang bapake: sumber penyakit! Banjur diemohi lan Titi melu-melu kelangan kanca. Senadyan bapake wis sregep berobat lan nutupi tutuk ngagem sapu tangan menawa watuk, nanging isih bae ana sing nuding, mengko ketularan!

Pancen TBC kuwi penyakit nular, nanging isih bisa ditambani nganti waras. TBC uga dudu penyakit nurun nanging sapa sing arep gelem nampa putrane gandheng bareng Titi? Mula Titi kapok. Ya wis ben ta ora duwe bojo angger ora gawe lara atine bapak, yen mung arep ngina ra sah kekancan barang!

Jalaran bab iku Nastiti isih durung gelem omah-omah. Luwih becik dadi guru, ngabdi ing dhusun pucuk gunung, panggonan sing ora ana sing weruh yen bu Nastiti kagungan bapak gerah paru-parune, gerah TBC!

Nanging saiki Nastiti kaya-kaya bali nandhang katresnan maneh, falling in love, jatuh cinta marang bocah lanang, kaya ramalane Biyakta. Umure bocah kuwi malah luwih enom lan ora baen-baen, wong jarake bae telung puluh taun! Andaru lagi kelas papat SD!

Bocah kuwi pancen bagus tenan, sehat, bersih lan mripate katon cerdhas, ora nakal kaya lumrahe bocah lanang saumur-umurane lan uga sopan, pinter njupuk atine bu guru anyar sing isih katon ayu ing umur patang puluh iku. Nastiti dhewe kaya-kaya tresnane setengah urip amarga nyawang mripate bocah bagus kuwi. Esuk, awan, sore lan wengi mung Andaru bae sing ana sajroning pikiran lan atine. Wis jan persis kaya prawan nandang katresnan tenan ngana kae.

Nastiti ora selak, iki kabeh jalalaran umurku, aku kangen marang guyu lan tangisane bocah ing uripku. Kudune aku rak wis kudu dadi ibu, ngono batine.

Andaru dhewe kaya-kaya ya rumangsa yen bu guru anyar kuwi maringi perhatian luwih marang dheweke. Dadi ya banjur tambah sregep anggone sinau, tambah semangat anggone menyang sekolahan.

Awan iki Andaru durung dipapag karo Rislan, bocah SMP sing melu ana omahe. Bu Titi isih nulis ana ruangane kantor. Ora suwe Bu Titi katon arep kondur. Andaru weruh ana ngendi dalem Bu Titi, mesthi keliwatan yen dheweke sekolah. Dheweke banjur mapag lan nyuwun ijin nggawekake buku-buku PR kang diasta Bu Titi. Wong loro banjur mlaku bareng.

Nastiti rumangsa atine kaya disuwek-suwek. Apa iki karma amarga nyepelekake katresnane Biyakta sing luhur? Saiki apa uga Andaru arep mangerteni kahanan iku, kahanan sing ora nate dikandhakake.

Nastiti takon, "Kowe wis nate ngerti wong lara TBC?"

"Ngertos, Bu," jawabe Andaru lirih.

"Kuwi penyakit nular. Kowe apa ora wedi yen Bu Titi kagungan penyakit kaya ngono kuwi?"

"Menawi taksih dereng kasep anggenipun berobat, taksih saged saras, Bu," ujare Andaru tambah lirih.

"Jarene sapa?"

"Bapak!"

"Apa bapakmu gerah TBC?" wah senasib tibake, ujare Titi lega, lega duwe kanca sedhih, bisa dadi panglipur larane ati diemohi kanca-kancane kaya dhek rikala semana kae.

Andaru matur maneh, "Mboten, nanging ibu kula ingkang sedanipun amargi gerah TBC."

Saiki Nastiti mak plenggong...

SAKA kahanan kang meh padha kuwi, Nastiti banjur tambah tresna, tambah welas marang bocah piatu kuwi. Awan iki karo ngenteni Rislan, wong loro leren bareng ana ngisor wit asem ing latar sekolahan. Titi takon, "Yen ngono sing mesakke kowe sapa?"

"Bapak."

"Bapakmu?! Piyantun kakung apa bisa masak?"

Sajake Andaru cedhak banget marang bapake lan mongkog duweni wong tuwa lanang kaya bapake. Mula dheweke ngguyu kemekel, "Bapak inggih saged ngasta roti, bapak saged punapa kemawon, nanging ingkang paling saged, bapak punika nembang!"

Saiki Nastiti giliran ngguyu kemekel, wong lanang kok pinter masak, momong, lan nembang? Kuwi jenenge ekspansi penggaweane wong wadon.

"Bapakmu nyambut gawe apa?"

"Dhosen."

Dhosen?! Dhosen kok omahe ing pucuk gunung? Apa tumon?

Kaya weruh apa kang ana jroning atine Titi, Andaru nuli matur, "Namung setunggal minggu kaping kalih bapak mucal, biasanipun namung nyerat kagem buku ilmiah."

Titi jan kepengin banget tepung karo si dhosen kuwi...

ORA ana alasan liya saliyane Andaru kurang perhatian saka wong tuwa amarga sering mulih kari lan kepanasan mlaku dhewe menawa Rislan ora mapag. Kudune wong tuwa nduweni tanggung jawab piye supaya bocahe ora nganti keluwen amarga awan-awan isih ana ing sekolahan. Yen repot ya wis ben bali karo kanca-kancane ngepit, mosok dhosen ora bisa mundhutke sepedha putra.

Bapake diceluk supaya teka ing sekolahan.

Saiki dhosen kuwi wis teka, nanging Nastiti isih mulang kelas telu, ngenteni kanthi sabar, lan ora kaget bareng weruh gapruk, malah mesem, "Piye kabarmu, Ti? Anakmu wis pira?"

Nastiti sing banjur kaya-kaya arep semaput bae, ana apa ta? Bapake Andaru kuwi jebule Biyakta!

"SEJATINE aku wis weruh ngapa kowe nolak aku. Isih kelingan marang Kelik? Dheweke kancamu SMP nganti tekan SMU ta? Nanging aku lara ati marang kowe, eh kok kebangetan ngukur atiku, kaya-kaya aku iki wong bodho sing ora weruh yen penyakit kuwi bisa ditambani lan ora weruh piye carane amrih ora ketularan. Ya wis yen karepmu ngukur katresnanku mung padha karo kanca-kancamu sing keplayu mangerteni bapakmu watuk."

Nastiti mung meneng bae. Arep ngomong apa? ya pancen kandhane Biyakta bener.

"Saiki isih durung percaya yen katresnanku biyen kae ora bakal luntur mung merga krungu watuke bapakmu?"

Rembulan kari salining kuwi mung mesem. Apa tumon ana lamaran disampekake kanthi nesu-nesu, ing ruang tamu maneh. Jan, ora sopan tenan!*

..:: 000 ::..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Maskumambang

Tembang Maskumambang Maskumambang  ( ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ)  asale saka gabungan rong tembung, yaiku “mas” (emas) lan “kumambang” saka tembung kambang....