Rasa Sayang Kuwi Ana

Rasa Sayang Kuwi Ana

dening: Alisth Sulin


Jenenge Joko, Joko Suyono. Nanging kanca-kancane biasa ngundang dheweke Pinky. Aku dhewe luwih seneng nyeluk Yoyon, utawa kadhang mung Yo ngono wae. Rumangsaku luwih “simpel” lan lumayan mesra. Lan aku yakin yen dheweke seneng sebab nalika tak takoni tanggapane, jare gak apa-apa, ben beda karo liyane, iki artine aku nduwe perhatian khusus nang dheweke. Aku kisinan, pangirane pisan kuwi bener-bener tepat. Lan aku ora protes nalika dheweke ngundang aku Yang.

Aku kenal Yoyon ana daleme Pak Bejo, mantan guru silatku. Sore kuwi aku lan kanca-kancaku lagi wae teka ana Sragen. Kesel, lungkrah, lesu, lan sing methi kringeten. Sakdurunge adus, aku angin-angin dhisik karoben kringet sing katone ngeletake klambi karo awak rada atus. Ya nalika kuwi mripatku tubrukan karo cowok ireng manis, cilik dhuwur. Dheweke mesem, aku mesem.

“Joko!” kandhane karo mesem simpatik. Tak tampani tangane kanthi rada ora kepenak.

“Dwi!” semaurku cekak.

“Saka Solo, ya?”

“Ora. Blora.”

“O… saka kana jam pira?”

“Jam… pira ya?”

“Lali ya?”

“He-em. Grogi.”

“Kok grogi?”

“Iya soale durung adus, dadi rada mindher ngomong karo wong sing wis rapi.”

“Gak pa-pa, ora mambu kok.”

“Tapi rasane kurang sreg. Sorry ya, tak adus wae ndhisik,” pamiku karo ngadeg tanpa nunggu persetujuane.

Bubar adus lan ganti klambi, aku bali lungguhan ana teras amerga ora ana sing perlu dikerjakake. Yoyon bola bali liwat lan bola-bali mbalangake eseme. Sing paling ora nguwati lirikane! Lan nalika kanca-kanca padha ngerti banjur nggojlogi aku. Kanthi cuek Yo malah ngedhipake mripate.

“Wah, jebul ana sing ‘falling in love in the first sight” iki.” Komentare Agus karo ngingeti aku. Mbak Tari dhehem-dhehem, Tita melu ngompori, Andri ngewangi surak. Teras malih rame. Aku klincutan, isin, risi, ora ngerti kudu kepiye lan ngomong apa. Nanging ing batin… seneng uga!

Resepsi rampung, lan aku mung sempat omong-omong karo Yoyon sepisan engkas. Kuwi wae mung sedhela nalika njupuk cocktail. Sedhih banget nalika wiwit padha salaman lan pamitan. Aku rada gela nalika Yo nyalami aku mburi dhewe. Nanging rasa gela mau cepet ditambani nalika tangane nggegem kenceng tanganku. Yen karo liyane isa “berbasa-basi”, pisan kuwi, nganti suwe ora ana sing kumecap. Mung mripat rong pasang kang tansah pandeng-pandengan kaya-kaya nyuntak sak kabehing isining ati. Kena apa pepisahan cepet banget tekane…

“Sesuk aku bali”, kandhaku akhire.

“Isa gak diundur wae?” tekone pesimis. Atiku trenyuh.

“Menawa wae aku isa, nanging kanca-kanca ora. Sayange aku lan kanca-kanca teka bareng dadi mulih kudu bareng!” Yoyon saka ketok “desperate” “Yen ana wektu, sesuk isuk wae rene.”

“Nanging sesuk aku upacara 28 Oktober.”

“Bubar upacara isa, ora?” Omong-omonganku kandheg merga surake kanca-kanca. Lagi sadhar aku yen tanganku isih ana gegemane Yo. Lan nalika tak tarik, rasane abot banget! Padha abote karo arep ngucapake ukara pamit antarane aku lan dheweke.

Wengi kang atis. Angin sumilir nggorehake ati. Angel banget rasane ngeremake mripat iki. Wewayangane Yo bola-bali katon, nalika dheweke nyopot klambine lan dienggo dhah-dhah saka kadohan. Dinamis, atraktif! O, mbulan… cepeta lunga saka langitku bengi iki. O, bagaskara gage metua. Ora sabar aku ngantu tekamu. Kowe ngerti kenapa? Amerga atiku mentas kecolongan sore mau, lan malinge bakal teka esuk mengko.

“Hei!”

“Hei!”

“Bobuke enak ndhek bengi?” takone, aku gedheg.

“Ora ngerti kenapa, padahal sakdurunge awakku kesel banget. Kowe dhewe?”

“Aku ya ora isa bobuk. Malah didukani embahku.”

“Lho kenapa?”

“Merga ora isa bobuk lan bola-bali mlebu-metu kamar, akhire lawang tak kunci banjur nyetel tip banter banget. Eh, malah didukani!” Aku lan Yo ngguyu bareng.

“Oh, ya sekolahmu ning ndi?” takone akhire.

“Smansa. Kowe?” 

“Smansa uga.”

“Kelas pira?” aku ndhisiki takon.

“Siji.”

“Kelas siji?” takonku tanpa isa ndhelikake rasa kagetku.

“Iya, siji ef. Lha kowe?”

“Loro, loro Sos siji,” jawabku lirih karo ndhingkluk. Ana sing tarung sak jaroning ati, sing ora bisa tak terjemahne maknane, nanging cukup katon akibate. Yo kaya ngerti apa sing lagi tak pikirake, dheweke uga mung meneng.

Telung ndina sakwise kuwi, ngerti-ngerti aku entuk surat saka dheweke.

... Sebelum saya lanjutin surat ini, saya mau nanya, kamu udah punya doi belum?! Kalau belum happy dong saya. Kalau udah yach! Tolung jawab yang jujur ya.

Gini ya, saya mau cerita dengan jujur sama kamu, tapi kamu jangan marah ya. Malam itu habis dari rumah Pak Bejo saya nggak bisa tidur. Bolak-balik keluar kamar, pikiran ini pokoknya kacau banget! Saya ingat kamu, saya takut paginya nggak bisa ketemu kamu.

Paginya ketemu kamu lagi, hati ini bahagia sekali. Tapi ketika kamu pulang aku langsung kelabakan. Waktu habis ngantar kamu itu, aku langsung pulang ambil sepeda motor buat ngejar kamu ke terminal. Sayang kamu udah nggak ada. Sampai di rumah hati ini sedihhh banget. Dua hari aku nggak bisa belajar, aku ingat kamu terus, walaupun hari itu ada ulangan. Aku tak tahu ada apa dengan hatiku, perasaan apa yang terjadi ini, aku tak tahu semuanya. Aku hanya takut kehilangan kamu. Itulah yang terjadi dengan diriku sebenarnya. Kalau kamu anggap aku ini anak kecil, aku tak marah. Aku tahu kamu lebih tua dari aku, tapi aku tak peduli! Ketika aku lihat kamu, aku kagum, kamu dewasa, mandiri, dan nggak cengeng. Aku betul-betul salut sama kamu. Karena itulah aku tak bisa melupakan kamu hingga kuberanikan diri menulis surat ini. Kamu jangan marah ya, kuminta kamu mau mengerti…

Aku dheleg-dheleg. Kringet rasane nelesi sakkojur awakku. O, angin kang sumilir, ora isa tak bodhoni yen sakjujure atiku uga ngrasakake rasa kang padha. Yen kaceking umur isa ditampa, nanging jarak kang ana, kang misahake aku lan dheweke apa isa ngendhaleni kapange ati kang kala-kala teka tanpa dinyana? Yo, aku isih ragu karo kabeh iki amerga… amerga awake dhewe isih cilik, isih dawa dalan kang kudu dipecaki. Aja diumbar rasa ragu-ragu dadi ayang-ayang sakdawaning lakon. Luwih becik awake dhewe kekancan lan “berlomba” nggayuh cita-cita. Ben wae wektu kang nemtokake kapan awake dhewe kudu ketemu. Nanging percayaa yen rasa sayang kuwi uga ana.

Surat kang tak tampa pitung taun kepungkur kuwi tak lempit maneh, lan bali tak lebokake panggonane sakawit. Yoyon, anggota Kospansa, lan eks Ketua OSIS ‘92 kuwi mesthi ora bakal ngira yen nganti panulising crita iki aku isih eling dheweke. Yo ora bakal mikir yen aku ngarep-arep isa sapatemon maneh karo dheweke. Yen ora kanggo rasa kang tau ana, iya kanggo nyaur utang kang durung kober kebayar, utawa kanggo crita kang isa dicritakake. Nanging ana ngendi dheweke saiki… Ah, saumpama ana sing isa mangerteni…?

Pandangan pertama mata kekasih bagaikan gairah yang beriak pada permukaan air, melahirkan langit dan bumi ketika Tuhan berfirman, “Jadilah, maka jadilah.” *

(Ghibran Kahlil Gibran).

..:: 000 ::..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Maskumambang

Tembang Maskumambang Maskumambang  ( ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ)  asale saka gabungan rong tembung, yaiku “mas” (emas) lan “kumambang” saka tembung kambang....