Opera Gombal
dening: Sugeng Wiyadi
MANUL menyat saka dhipan. Anggone mlaku senggoyoran. Mripate krasa pedhes lan sirahe kliyeng-kliyeng. Nanging Manul panggah jumangkah tumuju kamar mandhi. Perlune kepengin enggal ngathurake uyuh sing banget ngganggu anggone turu. Mau bengi Manul begadhangan. Ngobrol karo kanca-kancane, main gaple karo wedangan. Parak esuk nganti mulih.
Nalika anggone jumangkah midak plataraning sumur, dumadakan Manul mandheg. Panyawange kacep ing pojokan plataraning sumur sing ana ilen-ilenane banyu. Ana barang aneh nglumbruk ana kono. Alon-alon Manul mrepegi barang mau.
Manul megeng napas. Ana gombalan rong rakit gumelar ana kono. Ora tanggung-tanggung: kotang lan swempak amoh. Manul mengkirik nyawang jeroan sing nduweni ukuran medhium kuwi.
“Slompret!” Manul kepeksa misuh. Misuh, jalaran ndeleng sesawangan sing ora senonoh. Misuh, merga kajate kepeksa kandheg saengga clanane krasa teles kompolan. Manul age-age mlebu menyang kamar mandhi.
Rasa mrekitik sing kober dedunung ing atine kaya-kaya ilang babar pisan nalika Manul metu saka kamar mandhi. Priya sing awake krempeng kanthi rambut acak-acakan kuwi pancen sugih pangapura. Najan kaya ngapa mangkele atine, waton isih bisa ditolerir, bakal ilang merga ketindhihan aktivitas utawa prakaryan prasaja.
Nanging ing wayah esuk dina candhake, mangkeling atine Manul saya dadi. Gombalan ing poncot plataran sumur saiki tambah siji tur luwih nggilani. Rok jero kebak getih abang. Sakala wetenge krasa mungkuk-mungkuk. Manul meh wae mutah-mutah.
Ewadene Manul klunuh-klunuh golek pasir karo misuh-misuh. Barang-barang nggilani kuwi diurugi nganti ora ketara. Batine getem-getem ora trima plataran sumure diregeti nganggo barang sing njijiki kaya ngono kuwi.
“Aku kudu ngerti sapa sing duwe pokal ora aturan ngene iki!” Manul grenengan ijen.
Sawetara dina lawase Manul ora metu saka omah. Liwat bolongan gedheg, mripate tansah ngulati prenahe sumur. Nanging sasuwene kuwi Manul ora menangi kemliwere wong sing patut disujanani lan dadi paran cucuhan. Pojok plataraning sumure uga ora ana owah-owahan.
Banjur sapa sejatine sing wis klakon nyolong kesempatan nguncalake barang-barang nggilani mau? Apa Bu Milkun? Manul dhewe ora yakin. Bu Milkun, sangertine Manul, resikan banget. Apa Pak Singit? Kuwi sangsaya ora mungkin. Apa ana wong lanang sing gelem nyenggol barang ngono kuwi? Hla terus sapa? Omah sing sisih kono sangertine Manul isih kothong durung ana sing ngenggoni.
Manul dadi mumet dhewe. Semangate kepengin miyak wadine kotang, swempak, lan rok jundhuh getih kuwi dadi wudhar. Kira-kira wae merga Manul sugih pangapura. Bisa uga jalaran Manul luwih seneng kluyuran katimbang tunggu thuthuk ana ngomah.
Wiwit sepuluh taun kepungkur bapake Manul sowan mring pangayunaning Pangeran. Banjur ibune nututi sing kakung telung taun candhake. Adhine lanang sing mung siji thil dadi korban rabies limang taun sing wis kliwat. Manul dadi kijenan ana ngomah. Njilinguti cet lan kanvas yen ana wong pesen lukisan. Wektu-wektune sing omber luwih kerep digunakake kanggo kluyuran karo kanca-kanca seniman. Iki mujudake kebutuhan sing ora kena ora kudu keturutan.
“Kowe duwe tangga anyar ya, Nul?” sawenehing kancane takon nalika wedangan ana warung ing wengi kuwi.
“Tangga anyar?”
“Jenenge Maritun. Wonge ayu, kulite kuning resik, rata lemu kimplah-kimplah.”
“Manggone sisih ngendi?”
“Allaaahhhh, ndadak reka-reka ora ngerti.”
Manul gedheg-gedheg.
“Coba gatekna omah loji sisih kiwamu sing sadurunge suwung kae. Saiki sing ngenggoni Mbak Maritun. Aku krungu, dheweke kuwi randha. Umure kira-kirang telung puluh lima. Ya lumayan lah ketimbang klasa amoh hahaha...”
Manul muring-muring. Kancane lakak-lakak.
MANUL lagi bisa mbenerake kandhane kancane mau ing wayah esuk telung dina candhake. Nalika kuwi Manul metu saka kamar mandhi. Manul weruh ana wanita lagi resik-resik kebonan omah sandhinge sing sadurunge suwung. Yen ndeleng ciri-cirine, kira-kira wae ya wanita kuwi sing jenenge Maritun. Manul nyedhaki, ngadeg sandhing pager terus takon.
“Nyuwun sewu, apa sampeyan sing ngenggoni omah iki?”
Wanita kuwi mandheg saka anggone nyapu. Terus nyawang Manul, mesem sacleredan, banjur manthuk alon.
“Bener, jeneng sampeyan Maritun?”
“Kok sampeyan wis ngerti jenengku?”
“Sawenehing kanca menehi ngerti menyang aku.”
Maritun bali mesem. Mung mesem, tanpa takon apa-apa.
Terus Manul kelingan gombalan “aduhai” ing plataran sumure. Terus Manul bali kebrongot atine. Lan tanpa dipikir dawa-dawa, Manul terus nylekop kanthi kepenak.
“Saiki aku lan sampeyan wis dadi tangga cedhak. Minangka tangga anyar, ora ana alane yen wiwit saiki aku dak kandha pisan. Sadurunge aku njaluk pangapura, manawa kandhaku ora kepenak dirungu...”
Maritun mlenggong.
“Ngene ya Mbak Maritun, yen ngguwang larahan kuwi aja mung sak enggon-enggon. Aja sebrang-sebrung. Luwih-luwih diuncalake ing pekarangane liyan. Kurang begjane malah ra akur tangga.”
“Sajroning seminggu aku manggon ana kene, apa aku wis bribik-bribik ora becik, engga sampeyan terang-terangan nyaru aku mangkono?” Maritun takon.
“Luwih becik ngakuwa wae. Sawetara dina kepungkur sampeyan rak mbuwang rongsokan kotang, swempak, lan rok njero sing jundhah getih nyang plataran sumurku, ta?”
Maritun kaget. Raine abang dluwang.
“Lho, sampeyan kok lancang! Wani terang-terangan ndakwa aku. Apa sampeyan ngerti dhewe aku mbuwang barang-barang mau? Jajal sampeyan wangsuli!”
“Tangga lawas ora ana sing patut didakwa. Barang-barang nggilani mau nglumbruk ana pojok plataran sumur sandhing pager. Nalare, sing ngguwang genah wong sing manggon sandhinge.”
“Ning apa sampeyan ngerti dhewe sing ngguwang aku?”
“Yen meruhi ki ya ora. Ning aku yakin.”
“Sampeyan ngawur.”
“Ora sah selak.”
“Samber bledheg aku ora ngguwang.”
“Mesthi sampeyan!”
“Sampeyan mung ngawur!”
“Ngawur ning bener!”
Maritun meneng. Mbrabak. Let sedhela pipine wis teles. Nangis mingseg-mingseg. Ewadene Manul dipandeng wani. Katon cetha, mripate mancarake rasa gething kepati-pati.
Saiki Manul sing kaget. Ora ngira ora ngimpi yen kedadeyane kaya ngene. Maritun nangis merga omongane Manul sing ora kepenak dirungu. Manul melu meneng terus klunuh-klunuh nglungani. Getune setengah mati.
“MAS,” swarane alus. Tangane lumer nyenggol pundhak.
Manul gragapan. Bareng ditoleh, sing katon ngadeg ing mburine bojone. Mesem kebak teges, terus lungguh ing sisihe karo ngrangkul.
“Lagi mikir apa, Mas? Kelingan pacar lawas ya?”
“Selawase urip aku durung nate pacaran.”
“Eh, pa ya? Kok nglamun terus?”
“Aku kelingan gombalan jundhah getih ing plataran sumur.”
“Njenengan ngerti sapa sing ngguwang?”
“Sliramu?”
“Dudu.”
“Sapa?”
“Yu Dikem.”
“Rewangmu sing mulih ndesa kae?”
“Sapa maneh.”
Manul nyawang adoh.
“Njenengan isih nesu, Mas?”
“Ora. Mesthine aku malah matur nuwun marang Yu Dikem. Ya merga pokale Yu Dikem, aku entuk bojo. Saupama Yu Dikem ora celelekan, dak kira aku bakal dadi jaka tuwa.”
“Aku semono uga, Mas. Yen Yu Dikem ora nggawe gara-gara, mbokmenawa wae aku tetep dadi randha.”
Manul nyawang Maritun. Maritun nyawang Manul.
Manul mesem. Maritun melu mesem.
Wong loro rangkulan kenceng.*
..:: 000 ::..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar