Ndhedher Rasa Tanggung Jawab marang Bocah

Ndhedher Rasa Tanggung Jawab marang Bocah

dening: Ibune Andri


Bocah sing kesed, lumuh, ora gelem diatur, sebabe merga wiwit cilik ora dikulinakake nduwe rasa tanggung jawab. Diugung, diumbar, ora diwenehi pegaweyan sing tetep saben dinane marakake bocah dadi kesed. Sipat kesed mau bakal terus mancep nganti gedhe lan diwasa.

Biasane, merga tresna marang anak, wong tuwa eman-eman kongkonan anake lan mesakake yen anake tumandang gawe. Mundhak kesel, rekasa, lan ngurangi kebebasane dolan. Patrap mengkene iki kleru banget. Mbesuk yen wis gedhe bakal dadi wong sing ora duwe tanggung jawab, ora bisa usaha yen ana ketleyeke. Menawa wis omah-omah, kurang tanggung jawabe marang kulawargane. Wiwit cilik bocah dikulinakake duwe tugas rutin, wiwit sing entheng nganti sing rada abot, miturut kekuwatan badane lan pamikire. Contone, umur limang taun ngrewangi sulak-sulak utawa serbet-serbet piranti omah. Umur pitung taun nyapu kamare dhewe, umur sepuluh taun nata omah, yen bocah lanang nindakake pakaryan sing cocog kanggo bocah lanang, kayata ngresiki sepeda motor, ngiseni kolah lan sapanunggalane. Saben dinane bocah kudu duwe tugas rutin sing ora kena dilirwakake. Tugas rutin mau diwiwiti saka tugase dhewe.

Contone, nata peturon sawise tangi turu, nyapu kamare, nata meja panggonan sinau, ngresiki sepeda, asah-asah piringe dhewe sabubare mangan. Tambah umure, tugas rutin mau ditambahi tugas umum sing sipate mbantu wong tuwa, kayata nyapu omah nyapu latar, ngrewangi neng pawon ibune, umbah-umbah klambine dhewe, diwiwiti klambi njero (kathok njero, kaos kutang, BH, saputangan, kaos kaki). Yen bisa, tugase bocah aja dibedak-bedakne miturut jinis kelamin, sebab jaman saiki wis ora perlu maneh ana beda-bedane pakaryane bocah lanang lan wadon kaya jaman biyen. Contone, asah-asah kuwi pegaweyane wong wadon, bocah lanang ora kena asah-asah.

Tugase bocah wadon neng pawon, bocah lanang neng njaba. Jamane wis owah. Lanang wadon nduwe tanggung jawab padha. Wong lanang ora saru maneh yen ana pawon. Wong wadon golek dhuwit, bisa nyetir montor, bisa nindakake pakaryan sing sipate teknis. Mula ora ana alane yen bocah lanang diwarahi masak, nindakake pakaryan omah, umbah-umbah, nata omah lan liya-liyane. Mbesuk yen wis mandhiri, dheweke bakal bisa mandiri samubarang kalire. Menawa wis omah-omah, bisa mbiyantu bojone bebarengan mikirake bale somahe tanpa ana pembagian tugas antarane lanang lan wadon.

Ing kutha-kutha gedhe umume lanang lan wadon momong anak, masak dhewe, nata omah, kuwi jamane saiki wis lumrah lan ora saru. Mula ora ana alane yen wiwit cilik bocah lanang uga ditepungake karo tugase wong wadon. Ngulinakake bocah duwe tanggung jawab marang tugase pancen ora gampang. Sebab kajaba kudu tlaten, wong tuwa menehi conto dhisik. Ana bab-bab sing perlu digatekake.

  1. Asile kurang maremake.

Wiwitane pancen ora bisa nindakake tugase kanthi becik. Olehe nyapu kurang resik, olehe nata peturon isih kurang rapi, nanging aja dicacad lan dipaido. Sing penting bocahe gelem dhisik, lagi dikandhani kepriye sing bener lan becik.

  1. Aja kokehan tuntutan.

Senajan tugas kang entheng, kanggone bocah wis cukup mboseni lan abot. Wong tuwa aja kesusu akeh-akeh nuntut dhisik, nacad kekurangane lan nambahi tugas liyane sing luwih abot.

  1. Aja nindakake paukuman yen lali.

Ana kalane bocah lali nindakake tugase. Sebabe werna-werna. Menawa sebabe merga wegah, wong tuwa melu ngrewangi. “Ayo, Ndhuk… ditata karo ibuk yuk…,” bocahe dijak nata peturon lan diwenehi conto sing apik. Nanging yen olehe “mbalela” karep, wong tuwa kudu nuduhake kawibawane.

  1. Yen asile apik dialembana.

Bocah perlu bombongan lan pangalembana. Kajaba menehi mongkong lan percaya dhiri, pengalembana bisa dadi “bonus” sing nyenengake tumrap bocah. Dheweke rumangsa “berhasil”, dipercaya lan dianggep mumpuni.

  1. Aja sungkan ngucapake “matur nuwun” (terima kasih).

Senajan wong tuwa marang anak, ora ana alane ngucapake rasa panarima. Sebab “ucapan terima kasih” sawise bocah mbiyantu wong tuwa, perlu banget kanggo nuwuhake rasa percaya diri kang kuwat. Bocah bakal seneng mbiyantu wong tuwane, rumangsa diuwongake lan apa sing wis ditindakake diajeni asile.

  1. Tansah ngelingake.

Sok-sok bocah duwe rasa wegah lan bosen nindakake pakaryan omah saben dina. Yen ora digatekake banjur lali utawa “nglali”. Mula kala-kala perlu ngelingake tugase bocah yen wis wayahe. “Yul, iki wis meh jam lima hlo, ya. Enggal resik-resik selak maghrib…” Yen ora digatekake perlu dibaleni maneh. Diupayakake bocah nindakake tugase “tepat waktu”. Iki perlu banget kanggo ndhedher rasa disiplin lan tanggung jawabe.*

...::: 000 :::...



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Maskumambang

Tembang Maskumambang Maskumambang  ( ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ)  asale saka gabungan rong tembung, yaiku “mas” (emas) lan “kumambang” saka tembung kambang....