Maskumambang

Tembang Maskumambang


Maskumambang (ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ) asale saka gabungan rong tembung, yaiku “mas” (emas) lan “kumambang” saka tembung kambang. Sawetara kuwi, ing sajrone ritus kabudayan Hindhu, mas ditegesi saka tembung “premas” yaiku punggawa sajrone upacara syamanistis lan “kumambang” saka tembung kambang kang diwenehi infiksambangse kang tegese nembangake utawa ngidung.

Sawetara kuwi, ing filosofi uripe wong Jawa, Maskumambang dadi pralambang anane jabang bayi ing njero kandhutan. Kauripan kang bakal metu ditafsirake minangka mas/emas utawa embrio kang kumambang ing sawijining panggon, yaiku rahime si ibu kang lagi ngandhut.

Paugerane tembang Maskumambang yaiku
Guru gatra cacahe 4, guru wilangan 16,6,8,8, guru lagu i,a,i,a

Tuladha tembang Maskumambang:
Sekar Maskumambang purwakaning tulis,
Kang kinarya gatra,
Gatra Tripta ing gatri,
Pambiwara mijil ira.

                    Semburate srengenge ing wayah enjing,
                    Gawe tambang endhah,
                    Pandhangane ing mripat iki,
                    Amugo tetem kajaga.

Kaendahan panggonan laerku iki,
Deso kang kacipta,
Makmur lan tentremeng ati,
Sawah ijo pasuketan.

                    Ana uga etung-etungane kaki,
                    lelima sinembah,
                    dununge sawiji-wiji,
                    sembah lelima punika.

Kang dhingin rama ibu kaping kalih,
marang maratuwa,
lanang wadon kaping katri,
ya marang sadulur tuwa.

                    Kaping pate marang guru sayekti,
                    sembah kaping lima,
                    marang Gustinira yekti,
                    parincine kawruhana.

Iku pantes yen sira tiruwa kaki,
Miwah bapa biyung,
Amuruk watek kang becik,
wajib kaki estokena.

                    Pramila rama ibu den bekteni,
                    kinarya jalaran,
                    anane badan puniki,
                    kinawruhan padhang hawa.

Maratani mring anak putu ing wuri,
den padha prayitna,
aja sira kumawani,
mring biyang tanapi bapa.

                    Nadyan silih bapa biyung kaki nini,
                    Sadulur myang sanak,
                    Kalamun muruk tan becik,
                    Nora pantes yen den nuta.

Apan kaya mangkono watekkaneki,
Sanadyan wong tuwa,
Yen duwe watek tan becik,
Miwah tindak tan prayoga.

                    Aja sira niru tindak kang tan becik,
                    Sanadyan wong liya,
                    Lamun pamuruke becik,
                    Miwah ing tindak prayoga.

Apan kaya mangkono karepaneki,
sanadyan wong liya,
kalamun watake becik,
miwah tindake prayoga.

                    Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi,
                    Enggal tulungana,
                    Awakku kecemplung warih,
                    Gulagepan wus meh pejah.

Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi,
Ha nemu duraka,
Ing donya tumekeng akhir,
Tan wurung kasurang-surang.

                    Dhuh anak mas sira wajib angurmati,
                    Marang yayah rena,
                    Aja pisan kumawani,
                    Anyenyamah gawe susah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Maskumambang

Tembang Maskumambang Maskumambang  ( ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ)  asale saka gabungan rong tembung, yaiku “mas” (emas) lan “kumambang” saka tembung kambang....