Manuk Onta si Gulu Dawa
dening: Wawan Cakra
Duk rikala jaman una panguripan ing alam bebrayane sato kewan ora kaya jaman modern iki. Kabeh isih sarwa asli lan ora mambu polusi utawa limbah kimia. Maneka warna kewan padha urip kanthi nalurine dhewe-dhewe. Lan uga ora ana tangan-tangan jail kang mbedhili utawa mlinthengi, pancen ing kono durung tau mambu dlamake manungsa.
Kacarita ing antarane kewan-kewan mau ana sawijining manuk kang duwe aran manuk onta. Manuk onta jaman biyen ora padha karo manuk onta jaman saiki sing gulune nlolor dawa kaya jerapah. Wektu iku gulune isih cendhak kaya lumrahe manuk liyane. Dadine bisa kepenak anggone mangan lan gampang mabure.
Manuk onta mau ora seneng srawung karo kewan liyane, senengane ndhewe lan dolanan ing pinggir kali. Yen ora golek iwak paling-paling ya mung dolanan banyu wae.
Nalika lagi kepenak dolanan banyu, dumadakan ana baya kang lagi dhidhir golek angete srengenge. Kanthi Ora sengaja manuk onta mlangkring ana sandhuwure geger baya. Bareng bayane mlaku, dheweke uga katut kagawa mlaku kaya numpak gethek kae. Manuk onta kaget, "Lho, sing tak tumpaki iki apa kayu utawa debog gedhang?"
"Aja kaget kowe, manuk onta. Aku iki baya, omahku cedhak kene wae. Numpaka wae. neng gegerku, mengko kowe rak seneng ngerti ngendi-endi," ujare baya semanak.
"Adhuh, kepenak banget ya numpak ing gegermu," guneme manuk onta kang seneng banget numpak gegere baya.
Wiwit dina kuwi manuk onta wis ora seneng ndhewe maneh, amarga wis duwe kanca raket yaiku si baya. Saben dina runtang-runtung ana kali. Nanging sak benere akrabe si baya mung lamis wae, jalaran ing atine kebak serik lan nggembol melik. Mula akeh kewan liyane kang padha nuturi manuk onta supaya ora kekancan karo baya.
"Biasane watake baya ora apik ngono kuwi. Yen lagi apik ngono kuwi ateges duwe niyat liya. Aja gampang percaya karo manise si baya. Becike wiwit saiki ora usah runtang-runtung maneh," tuture bebek.
"Ora apa-apa kok, nyatane dheweke ora tau piye-piye. Malah dheweke asring nulung aku," bantahe manuk onta mbelani kancane.
"Ya, durung. Dheweke pancen golek lenamu."
"Lena, kepriye? Huh, pokoke aku ora bakal mbubarake kekancanku karo baya. Amerga mung dheweke kang bisa nyenengake aku," bantahe maneh karo mlengos.
"Ora percaya ya wis. Nanging yen ana apa-apa aja nganti sambat Marang aku," jawabe bebek karo megal-megol nglungani.
Manuk onta pancen ora gampang dituturi, lan ora gampang percaya marang omongan kang durung ana buktine. Mula dheweke ora gelem ngowahi adat anggone kekancan karo baya. Sabendinane isih gegojegan ana ing pinggir kali, malah sajak tambah gayeng lan akrab.
Sawijining dina, manuk onta diundang dolan menyang omahe baya ana kedhung tengah kali. Manut ujare baya, dheweke arep diwenehi hadhiah. Selawase ya lagi pisan iki baya ngundang manuk onta supaya dolan menyang omahe.
Tanpa nduwe cubriya apa-apa lan kadereng saka krentege ati, sidane manuk onta kerep netepi undangane kanca sinarawedine. Bareng wis teka panggonane, manuk onta banjur thingak-thinguk nggoleki si baya.
"Baya... Baya... baya...! Ana ngendi panggonanmu? Ana perlu apa kowe ngundang aku? Lan aku arep mbok wenehi hadhiah apa?" suarane manuk onta rada seru.
Ora antara suwe, baya wis jumedhul saka njero banyu kanthi ngetokake separo awake.
"Oh... pancen sedulurku tenan kowe, gelem nekani undanganku," guneme baya banjur nyangapake cangkeme, "Wis suwe anggonku ngenteni tekamu, kowe arep dakwenehi hadhiah ali-ali barleyan sing dak simpen ana ing telakku. Coba, jupuken dhewe!"
Sakala sumringah praupane manuk onta, amerga arep diwenehi ali-ali barleyan baya. Mula karo ati kang seneng, endhase manuk onta banjur dilebokake ing cangkeme baya kang wis mangap amba.
Kocapa si baya, mangsa kang diidhamidhamake wis ana njero cangkem. Mula banjur mak krekep, cangkeme dingkemake.
Manuk onta kang lagi clilang-cliling nggoleki ali-aline saknalika kaget, ora nyana babar pisan menawa dheweke sejatine mung kena apus kramane baya.
Nanging manuk onta ora gampang pasrah, dheweke enggal-enggal njabut endhase. Manuk onta kalebu manuk kang rosa, mula dheweke terus mbudidaya nggeret endhase saka caplokane baya. Sidane papan kono dadi ajang geret-geretan endhas antarane manuk onta karo baya. Anggone geret-geretan adu karosan saya suwe saya seru. Nganti gulune manuk onta molor dawa, lan wulu-wulu ing gulune padha mbrodhol. Sidane kanthi ngetogake tenagane kang pungkasan, manuk onta kasil uwal saka caplokane si baya.
Wiwit dina kuwi manuk onta wis ora gelem kekancan maneh karo baya kang kebak niyat ala. Mula nganti saiki gulune manuk onta dadi dawa lan mulus ora ana wulune. Kanca-kancane padha ngarani manuk onta si gulu dawa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar