Kebon Binatang
dening: R. Giryadi
Isih esuk umun-umun, Siti wis iwut nyepakake bontot kanggo sangu lunga. Mbuh lungane nduk ngendi. Neng antepe ati, Siti pengin menyang Surabaya, bakal golek penggawean. E, sapa ngerti ing kutha entuk penggawean kang premana. Ora kaya ing desane, babar blas ora ana penggawean kang isa dicandhak. Sawah warisane wong tuwane wis kaadol. Dhuwite wis babalas gawe nutup utang-utange nang juragan Bengkuk.
Ning sejatine Siti ora tega ninggalke anak-anake. Nadyan wis padha ngancik diwasa, ning saora-orane yen ketunggon wong tuwa, kudune isih isa luwih prasaja. Ning kahanan kang meksa Siti tega mutuske budhal menyang kutha, golek penggawean. Pancen ing desa wis ora ana sing diajab. Sing lanang; Kodrat, wis minggat ra karuwan jluntrunge. Kabar ngayawarane, Kodrat katut randha teles tangga desa.
Ning kabar ngayawara iku ora kabukten. Siti weruh yen Kodrat minggat nang kutha Surabaya. Mulane iku, dheweke nekat nggoleki Kodrat, sing miturut keyakinane dheweke, Kodrat ana ing Surabaya. Marjuki crita yen tau mrangguli Kodrat ing sekitaran stasiyun Wonokromo.
“Tenan iki, Sit, aku ndeleng kang Kodrat ana cedhak stasiyun Wonokromo. Mlakuk karo wong wadon, macake nyledot banget,” kandhane Marjuki sawise tilik Surabaya, nyethuki kancane ing cedhake Jagir.
Siti sing ora ngerti pojokane Surabaya, ngandel ae marang critane Marjuki, dhudha anak siji. Mula bareng Marjuki nawani gelem ngeterke nyang Surabaya, Siti sajak bingung. Sakjane Siti ngerti karepe Marjuki. Marjuki ngono nate ngesiri Siti, ning atine Siti wis kadhung kecanthol Kodrat sing katon pideksa.
Ning nyatane, dupeh awake pideksa, Kodrat ngono lanangan lumuh. Ora prigel nyambut gawe. Senengane mbandar dhadhu. Beda karo Marjuki, nadyan krempeng, ning nyatane dheweke prigel mergawe. Sanajan wis ora duwe bojo, Marjuki isih sregep nyambut gawe. Nyambut gawe sak anane. Ning bakune Marjuki tukang nyithak bata karo gentheng. Yen wayah rendheng kaya ngene iki; biasane Marjuki sepi garapan. Dheweke sok lunga nyang Surabaya sawetara minggu. Mulih wis nyangking dhuwit, yutan. Mbuh, nyambut gawe apa, Siti uga ora weruh.
Ya wis lah. Idhep-idhep gawe batur ndhuk dalan. Mula, sadurunge srengenge mlethek, Siti gage ninggalake omah. Sawetara iku Marjuki, nunggu ing pasar Binangun, njur budhal bareng ndhuk stasiyun Samben.
Meh nyedhaki sore, Marjuki lan Siti, tekan stasiyun Wonokromo. Siti gur tolah-toleh kaya kethek ketulup. Marjuki, nemoni pawongan sing kaya-kaya wis dikenal sawetara suwe. Pawongan iku bisik-bisik menyang Marjuki. Marjuki manggut-manggut tandha ngerti. Siti, ora pati ngerti apa kang lagi diomongke. Pikire Siti, sing penting wis tekan Surabaya.
Nyawang ramene Surabaya, Siti sing ra tau metu saka desane ing Birowo kana, kaya-kaya semlerengen ruh omah jejel riyel tumpuk undhung, wong dha sliwar-sliwer, apa maneh kendharaan dha pating bleber kaya-kaya den ana sing diuber.
“Kenalna iki, Togok, kanca lawasku. Iki sakjane ya tangga desa karo awake dhewe. Ning wis suwe tinggal nduk Surabaya…” kandhane Marjuki, marang Siti sing isih tolah-toleh ndeleng kahanan pasar Wonokromo sing dhukure sak langit.
Siti ngelungke tangane ngejak salaman Togok. Sabanjure, Togok ngejak Siti lan Marjuki, mlaku mangetan, nurut rel sepur, nyebrang jembatan Jagir, terus mengalor. Sadawane rel, gubuk-gubuk kayadene jamur, pating trempol nemplek ing tembok-tembok.
“Ngaso nduk kene dhisik,” kandhane Togok, sawise tekan omah sing ambane gur sak jedhingan. Togok mbukak lawang. Isine omah gur, perlak gawe turu, dhapur cilik sing disingget karo lemari plastik. Kaca pangilon. Tanggalan lawas. Clurit. Sentolop. Kardhus-kardhus lawas, isi samubarang. Pating gedembel.
“Turu nduk kene wae, sambi nggolek penggawean,” kandhane Togok, sing urip dhewekan merga bojone larat digondhol minggat kancane becakan.
Siti ambegan landhung. Sejatine karepe dheweke golek sendhenan urip kang luwih kepenak, eh iki kok jebule nemu ‘penyakit’. Sawetara nasibe dhewe wis ditinggal gledak karo Kodrat, iki malah ketemu lanangan uga ditinggal gledhak karo sing wadon. “Jagat iku maneka warna pancene,” pambatine Siti.
Ning kepriye maneh. Nduk desa ancen wis ora ana sing isa dicandhak. Apa maneh, Marjuki, sadurunge ngejak bareng nyang Surabaya, nawari bakal digolekke penggawean sing kepenak. Isa dadi tukang jaga toko, tukang umbah-umbah, ngepel, resik-resik omah, tukang tunggu omah, dodolan kopi, lan sak panunggalane isa dilakoni.
“Nduk Surabaya, apa wae isa dadi dhuwit…” kandhane Marjuki, sing nduk Surabaya penggaweane dadi polisi cepek. Yen bengi tukang jaga parkir nyang pasar maling cedhak Wonokromo.
Kabeh pangimpen sing ditawakake Marjuki ora gampang diwujudake. Sedina-rong-dina, isih betah plungkar-plungkur neng perlak plastik. Awak malah krasa kaku kabeh. Ning wis seminggu, durung untek saka omahe Togok. Togok dhewe, ora tau mulih. Marjuki, pendhak-pendhak ngendhangi. Ning yen dalu ora nate ketok irunge.
“Sing sabar… sedhela maneh ana penggawean. Ning aja mok tolak. Kancaku Togok mengko sing ajak…” kandhane Marjuki, terus menyat, gak karuan parane.
Temenan, sorene Togok, teka kanthi nggawa buntelan kresek. Dheweke ngelungne buntelan isi klambi lan perlengkapan make-up. Sawise magrib, Siti dikongkon Togok macak gawe klambi anyar, bengesan, lan sipatan alis. Siti manut wae. E… sapa ngerti entuk penggawean sing dikarepake.
Bubar isak, Siti diajak Togok mlaku ngurut rel sepur, arah stasiyun Wonokromo. Nduk kono, Siti nemoni kahanane sing aneh banget. Akeh wong lanang pating sliwer. Swara lagu ndangdut koplo, bantere mbrebegi kuping. Saperangan wong wadon, macak blongor-blongor, sajak narik kawigaten wong lanang kang liwat ing sak ngarepe.
“Iki panggonan apa, cak…?” pitakone Siti, sawise ngrasakke ana sing aneh.
“Aja kakehan takon. Ika tontonen wong-wong ika…!” kandhane Togok rada sengol sambi nuding, sawetara pawongan lanang lan wedok macak menor reruntungan nang walike gubug-gubug plastik, mepet tembok stasiyun wewatesan karo kampung.
Siti kamitenggengen. Dheweke lagi sadhar yen lagi didol karo Marjuki. Ning sadurunge cincing rok ninggalke panggonan iku, saka mburi, ana pawongan lanang kang ngewehi kode, ngajak mlebu gubug. Siti katon canggung, ning pawongan lanang iku wis kranjingan nepsu, mula tangane Siti ndang dicekethem, diglandhang nuju gubug plastik. Siti mberot. Ning pamberote ora kasil.
“Entuk anyar, yo cak…?” serune salah siji pawongan lanang, sing jaga gubug.
“Anyar nduk kene, lawas nduk liyane…” clethuke.
Wis mbuh sak banjure kaya apa kedadeane, mara-mara Siti njerit sak kayange njaluk tulung, merga wong lanang iku mau, ngamuk naboki dheweke, merga ora gelem nglayani napsune sing wis muntup-muntup ing mbun-mbunan.
Wong-wong pating clebung, ndeleng ribut-ribut ing gubug. Togok ndang ndang miyak wong-wong sing nggombol nang cedhake gubug. Togok kaget, mrangguli praupane Siti gudras getih.
“Dasar asu ancene sampeyan!” clatune Siti sambi mbenake klambine. “Sapa sing njaluk aku kerja kaya ngene!” suarane Siti njempling, ngabangke kuping.
“Marjuki! Kowe wis tak tuku… aja aeng-aeng nduk kene, yen pengin mulih dadi bathang…”
“Byuuuhh… kang Marjuki, tegamen kowe…” pangrintihe Siti, lirih njujeh ati.
“Wis aja polah-polah yen pengin slamet!”
Mbuh piye critane, Siti kaya kesetanan. Dheweke nyandhak watu sak prongkol, diantemke nduk ndhase Togok. Sakkal, ndlosor. Ora trima, Siti sing wis kesetanen, terus ngantemke watu sak kayange nang ndhase Togok.
“Dasar kewan… ra duwe ati. Becike pancen mati!”
Ora nganti sak menit, Togok njepaplah tanpa daya. Ndhase remuk gudras getih. Wong-wong ora ana sing wani ngepok senggol, malah kepara mlayu ngadoh.
Ora sawetara suwe, teka pawongan telu kang awake dhempal-dhempal. Salah sijine nyedhaki Siti, sing isih nyekethem watu, kang gudras getih. Ning saenggo kagete, meruhi pawongan lanang gedhe dhuwur iku, ora liya maneh; Kodrat bojone sing wis pirang puluh taun, ninggalke dheweke.
“Kang Kodrat, aku Siti bojomu, kang… tulungen aku…”
“Siti… Siti sapa? Aku dudu Kodrat… aku ora kenal kowe!”
“Aku Siti bojomu saka Birowo… mosok kowe lali??? Kebangeten, kang!”
Pawongan kang diarani Kodrat iku, katon klincutan. Dheweke tetep ora ngakoni yen Siti iku satemene bojone dhewe.
“Lapor komandan, di sini ada kejadian 355*. Ya… di stasiun! Siap Ndan. Korban, laki-laki dianiaya TSK**. Istrinya sendiri. Betul Ndan… kayaknya direncanakan!” kandhane pawongan sing sejatine Kodrat bojone Siti.
Krungu laporan kaya ngono iku, Siti kumat kesetanane. Watu sing jik dicekethem diantemke nduk ndhase pawongan sing dikenal panguwasa lokalisasi nduk Stasiyun Wonokromo iku.
“Dhasar kewan… ora duwe prasaan!”
Prok! Prok! Prok! Kodrat njungkel gudras getih. Wong-wong padha cancut taliwanda, ngringkus Siti. Siti dhewe wis ora duwe daya rikala diringkus. Ora let suwe, polisi teka, gage iwut masang police line. Wong-wong diusir ngadoh saka TKP.*** Sawetara iku Siti dikecek terus diglandhang, menyang mobil patroli.
Siti manut kayadene kethek ketulup. Ning atine bungah wis ucul saka kandhang kewan kang sadawane urip ora dadi pangimpene, dene bisa mateni wong lanang loro sakkal. Wengi iku Siti dikunjara. Ing kunjara Siti nangis sesenggukan, eling anake kang ditilap lunga nang Surabaya, maksude golek kerja, jebule malah mlebu krangkenge baya. O Allahhh, Sit… Sit…!!!
Surabaya, 2018
CATATAN:
*. Pasal 355 KUHP; Pasal penganiayaan berat dan berencana yang mengakibatkan orang mati
**. TSK; tersangka
***. TKP; Tempat Kejadian Perkara
Tidak ada komentar:
Posting Komentar