Jathil
dening: Sumono Sandy Asmoro
Nanik isih membik-membik nangis ing kamare. Pikirane buntu. Perang batine durung rampung. Dheweke rumangsa bingung anggone bakal mutusi perkarane.
Pancen abot sanggane dadi seniman. Luwih-luwih kanggone bocah wadon. Ana bae godhane. Tenane ing batin. Nanik isih kepengin melu nguri-uri seni tradhisional warisane leluhure kuwi, minangka jathil ing kesenian reyog. Nanging wusanane ana perkara kang gawe atine cuwa lan keranta-ranta.
Awan mau, Narko, ketua rombongan reyog ngabari menawa suk minggu pentas. Ana wong saka sanjabane dhaerah kang ngundang. Jarene kanggo ngramekake acara syukuran, jalaran kelakon kepilih dadi lurah. Nanik durung bisa aweh keputusan, dheweke bisa melu apa ora.
“Mbok ya aja ngono ta, Ndhuk. Aja ngowah-owahi adat. Aja seneng nyalahgunakake kapercayane liyan, lan aja gampang nduweni panyakrabawa kang ala marang liyan tanpa lelandhesan bukti kang nyata. Wiwit biyen kowe wis dadi jathil. Kena apa saiki kok njur nglokro kaya ngono?” swarane bapake ngarih-arih saka sanjabane kamar.
Krungu kandhane bapake kang kaya mangkono mau Nanik mung meneng. Sakecap bae ora gelem aweh wangsulan. Malah keprungu saya banter anggone nangis.
Pancen Nanik nate kandha marang bapake ngenani perkara kang ndadekake gorehing atine, sing ana gegayutane klawan pakaryane minangka gorehing atine, sing ana gegayutane klawan pakaryane minangka jathil. Kanthi pangangkah supaya bapake aweh wawasan kanggo madhangake pikirane. Nanging bapake sajak malah nyalahake marang dheweke.
Wiwit isih lungguh ing bangku SMP, Nanik wis kerep njathil. Nalika semana atine bungah banget yen diajak pentas. Kajaba kena kanggo nyalurake hobine, mulihe ora ketang sethithik uga oleh pesangon. Lumayan, kena kanggo tambah sangu sekolah.
Nanging saiki kahanane wis seje. Dheweke saiki wis lungguh ing bangku SMU, sing ateges Nanik saiki wis dudu bocah maneh, nanging wis ngancik rumaja putri. Upama kembang mono nedheng-nedhenge mekrok. Apameneh Nanik nduweni pawakan kang ora nguciwani. Dedeg-piyadege lencir, kanthi pakulitan kuning langsep. Ketambahan dhekik pipine tur untune gingsul. Mula ora aneh menawa akeh bocah lanang sing padha mambu ati marang dheweke. Kira-kira bae yaiku kang dadi underaning perkara nganti Nanik dadi kemba.
Terus terang bae, yen pinuju pentas Nanik saiki ora bisa konsentrasi. Pikirane ora bisa pas kaya nalika isih SMP biyen. Jalaran saben ana kalangan mesthi akeh tangan-tangan kang pating krembyah kepengin nggrayang awake kanthi pawadan melu njoget. Nemoni kedadean kang kaya mangkono mau Nanik dadi risih, atine kemba, semangate luntur, lan ajine dhirine rumangsa diremehake.
Pancen kanggone Nanik sarwa ewuh anggone bakal nyelehake awak yen pinuju pentas. Jalaran saka samono akehe paraga ing kesenian reyog, mung ana bocah loro kang asipat wadon. Yaiku sing dadi jathil. Dene liyane, wiwit sing nyokot dhadhak, klana, ganongan, warokan, tukang nabuh gamelan, nganti tekan sing senggak, kabeh katindakake dening wong lanang.
Tenane jaman biyen, jathil uga ditindakake dening bocah lanang. Lumrahe para gemblakan. Nanging sajake saiki budaya gemblak wis cures. Mula jathil banjur katindakake dening bocah wadon. Kira-kira bae katut ombyaking jaman. Yen sing dadi jathil bocah lanang saiki penonton wis padha ora seneng. Mula kanggo njaga kalestarene kesenian reyog, jathile banjur ditindakake dening bocah wadon.
Nanik gragapan nalika lawang kamare menga. Bareng ditoleh jebul ibune nyedhaki mlebu kamar.
“Ora usah nemen-nemen anggonmu mikir, Ndhuk. Bapak lan ibu ora meksa. Kabeh mau gumantung marang kowe dhewe. Yen pancen kowe isih seneng njathil ya njathila. Nanging yen kowe wis ora seneng ya ora apa-apa,” kandhane ibune sinambi ngelus-elus rambute Nanik.
Kandhane ibune iku sajak dirasakake banget dening Nanik. Pancen kabeh mau gumantung marang dheweke. Pikirane banjur digelar digulung. Nuli dipetung rugi lan untunge. Pungkasane swara saka jiwa senine sing menang. Dheweke isih kepengin nerusake anggone njathil.
Minggu esuk kabeh rombongan reyog ngumpul ing omahe Narko. Sadurunge budhal, Nanik kaya padatan luwih dhisik njaluk pamit marang wong tuwane.
“Sing ati-ati, Ndhuk. Waton kowe bisa njaga awak, ora-orane yen bakal ana kedadean sing ora prayoga,” welinge bapake kanthi sareh.
SAREHNE papan kang dituju rada adoh, udakara jam rolas awan rombongan reyog lagi tekan tujuan. Jumunung omahe jagabaya Winardi sing wis dipercaya dening lurah Wanda supaya golek reyog kanggo ngregengake acara iku.
Syukuran iku kena diarani gedhen. Awane ana rong grup reyog sing ngramekake. Wondene bengine kethoprakan. Pancen wus dadi ujare Wanda, menawa dheweke kelakon kepilih, arep nganakake rejan-rejan, ngiras pantes kanggo aweh panglipur marang masyarakat kang wus aweh kapercayan marang dheweke.
Jam loro gamelan wus keprungu ngumandhang. Reyog wiwit iker. Nanik kang njathil pasangan karo Yuyun narik kawigatene sing padha nonton.
Sawise iker sawetara ing plataran omahe Winardi, reyog banjur mlaku tumuju omahe lurah. Sedhela-sedhela mandheg ing tengah dalan kanggo iker, mamerake atraksine.
Senajan sore iku awake Nanik krasa rada ora kepenak, nanging dheweke katon bungah jalaran penontone padha tertib. Ora ana sing gelem tumindak neka-neka. Sajake kabeh padha njunjung dhuwur marang ajine seni.
Sawise iker ing plataran omahe Wanda nganti surup, rombongan bali menyang omahe Winardi kang digunakake minangka pos-e. Dene rombongan sing sijine ngepos ing omahe bayan Jupri.
Pancen ora kaya adat saben. Sore iku rombongan reyog ora langsung bali, jalaran bengine kudu nggelar jathilan lan tari kucingan sadurunge kethoprake wiwit.
Nanik sing pancen kekeselen, sore iku lara ndadak. Bengine ora bisa melu pentas. Narko minangka ketua rombongan wis nemoni panitia, kandha apa anane. Pungkasane bengi iki mung ana jathil telu kang bisa pentas. Sing siji Yuyun, dene sing loro saka rombongan liyane. Senajan seje rombongan, nanging bocah telu iku wis katon raket jalaran kerep pentas bebarengan. Malah uga sok genti-genten ngebon yen ana anggotane sing ora bisa melu pentas. Iku kabeh mujudake kerukunane para seniman.
Nanik, sing bengi iku awake lara, ngaso ing omahe Winardi. Kebeneran ing kono ana kamar kosong. Sing biyasane manggon ing kono anake wadon jagabaya. Saiki lagi kuliyah ing sawijining perguruan tinggi swasta ing kutha Surabaya.
Tenane arang banget Nanik lara pinuju ana tanggapan ngono iku. Sore mau ana kedadean kang dianggep aneh. Nalika padha ngaso ing omahe lurah Wanda mau sajak ana wong kang niyat nyikara dheweke. Embuh, apa karepe. Pinuju padha ngombe teh botol, pas bageyane Nanik, krasa dicampuri minuman keras. Iku kang njalari sirahe ngelu nganti saiki.
Nganti jam sanga bengi kanca-kancan durung ana sing katon bali. Nanik kelap-kelip ijen ora bisa turu. Dheweke gragapan nalika lawang kamare dithothok saka njaba.
“Mlebua, lawange ora dikunci,” kandhane Nanik karo panggah ngglethak ing paturon.
Atine Nanik nyicil bungah. Kira-kira kancane wus rampung anggone pentas. Ngono batine. Nanging saiba kagete bareng weruh yen sing mbukak lawang iku jebul Winardi.
“Wonten napa, Pak?” pitakone Nanik semu kaget, sinambi mapan lungguh. Senajan sirahe isih krasa abot nanging dikuwat-kuwatake.
“Ora ana apa-apa kok. Mung kepengin weruh jarene awakmu lara. Wis mari apa?” kandhane Winardi keprungu lirih banget.
“Inggih sampun radi suda.”
“Yen durung, digawe turu bae, ora apa-apa.” Pamrayogane Winardi sambi mesem kebak teges.
Tangane Winardi banjur nyekel tangane Nanik, nuli diremet drijine. Nanik kaget. Tangane jagabaya dikipatake.
“Sampun neka-neka, Pak. Badhe menapa sampeyan,” kandhane Nanik sinambi ngingset lungguhe ngedohi Winardi.
“Ora apa-apa. Wis ta, aja rame-rame,” jagabaya sing wis setengah tuwa iku nyedhaki Nanik maneh.
Tangane Nanik banjur dicekel kanthi kenceng dening Winardi nganggo tangane kiwa. Wondene tangane tengen wiwit nggrayang awake Nanik sing pancen nggemesake iku. Nanik ora sranta. Jagabaya sing arep tumindak ora prayoga iku banjur dijengkakake sarosane nganti tiba glangsaran.
Winardi saya saya kemropok atine. Dheweke age-age tangi banjur nyedhaki Nanik maneh.
“Aja ndadak neka-neka. Manuta, mumpung wong-wong durung bali. Aja kuwatir. Mengko daksangoni akeh.”
Nanik mundur sinambi nyedhaki lawang. Rasa ngelu ing sirahe wis ora dirasakake.
“Aja sembrana, Pak. Aku iki jathil. Butuhku nguri-uri seni. Aja dianggep wanita planyahan,” swarane Nanik sora.
Nanik banjur mbukak lawang, mlayu metu saka kamar ngedohi papan kono. Winardi amung bisa mlongo nyawang Nanik kang mrojol ing sepining wengi. Dheweke ora ngerti apa kang kudu ditindakake.
..:: 000 ::..
Jayabaya 13. Edhisi Akad Pon, 29 Nopember 1998.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar