Ibu
dening: Irfan Wahyu Darmawan
Ibu...
Putramu sing diwanti-wanti
Putra sing asring nggawe kuwatir
Nanging sabarmu ora ana watese
Ibu...
Pahlawan tanpa sayap
Makarya ora perduli wayah
Riwe mili dleweran, uga eluh tumetes ora dirasa
Mung kanggo aku putramu...
Ibu...
Nyuwun pangapunten
Putramu iki durung bisa nyenengake ibu
Putramu amung bisa ndunga marang Gusti Allah Mugi Allah paring keberkahan sedayanipun dhumateng Ibu
Banuyuwangi, 13 Mei 2023
Tidak ada komentar:
Posting Komentar