Flamboyan-Flamboyan SMP

Flamboyan-Flamboyan SMP


dening: Eko Mrg.


Panggul tengah awan jroning taun 1984 kepungkur.

"Hallo Bakrie? Are you reading?"

"Yes I am. I am reading Sang Kancil."

Tekan ngarep daleme bu guru Bibit, lamat-lamat keprungu swara koor-e bala-balaku saka njero kelas. Atiku mobat-mabit. Kringetku selot grontolan. Modar, kasep maneh aku! Klakon diutus push-up maneh mengko dening mister Teguh guru basa inggrisku kuwi. Hemm, sidane... sidane!

Pit ontaku saya dakseputake. Gak dakreken bokongku sing gak mapan ndhuk sadhel kuwi saya megal-megol ngetutake wiramane pedhal. Ah, bapak, sih!

"Kenapa kamu terlambat lagi?" pandangune mister Teguh karo mencereng.

Atiku gulung koming golek alasan. Ayo utek, aja njendhel wae! Ndang pikiren, alasan apa sing tepak kanggo mangsuli pandangune mister-ku iki.

"Kamu mendengar pertanyaan saya?" pandangune mister Teguh maneh saya banter, gawe utekku saya njendhel. Marakake otot lan balungku kaya dilolosi.

"Anu, pak..."

"Anu apa?"

"Bapak..."

Mister Teguh jumeneng. Nyedhaki aku sing saya gerah uyang. "Kamu bilang saya? Saya kenapa? Apa hubungan saya dengan keterlambatan kamu?"

Gerrr! Arek-arek padha ngakak. Ketok bungah meruhi aku sing saya gugup. Jangkrik tenan kok!

"Diam!" Mister Teguh ganti mencerengi arek-arek sing gak ngerti welas kuwi. Kontan wae kabeh padha cepklakep kaya orong-orong keplindhes sepur. Sokur, kapok, koen!

"Hayo jawab! Kenapa kamu terlambat? Terus, kenapa kau sebut-sebut nama saya?" Mister Teguh kekiter ndhuk sampingku.

"Maksud saya bukan bapak," jawabku groyok.

"Lantas kenapa tadi kau bilang bapak begitu?"

"Maksud saya, e... bapak..."

"Nah, saya kan kau bilang?"

"Bukan, pak!" Maksud saya, bapak... bapak saya sendiri." Akhire aku kelakon bisa alasan. Ning iki dudu alasan olehku ngarang. Alasan tenan.

Aku njut crita. Kasepku dina iki merga bapak. Bapakku sing telat bali saka sawah...

"Kenapa bapak kamu yang terlambat pulang dari sawah menjadikan kau terlambat pula datang ke sekolah?" pandangune mister Teguh sajak durung mudheng.

Aku njut crita maneh. Bapakku mung nduwe sepedha onthel siji. Ngono ritek onta. Hla, nalika bapak menyang sawah mau sepedha onta mau digawa. Mangka, elek-elek ritek, ya sepedha mau sing saben ndina ngeterake aku budhal sekolah. Nempuh jarak udakara limang kilo meteran.

Lega rasane atiku nalika dukane Mister Teguh ketok wiwit mendha. Aku diutus lungguh, tanpa nganggo push up luwih dhisik!

Sorene, sabaline saka sekolah, aku crita marang bapak lan simbok ngenani lelakonku dhek awan mau.

"Mulane, sing sregep olehmu sinau!" komentare bapak.

Bapak iki kepriben, ta? Wong kasep merga nunggoni panjenengane teka saka sawah kok iki diutus sinau sing sregep. Mesthine rak ngendika mbesuk-mbesuk olehe bali saka sawah diupayakake luwih esuk.

"nek awakmu mempeng sinau, awakmu bisa pinter dadi rengking..."

"Oleh rengking," pamunggele simbok mbenerake.

"Halah, rak padha wae ta kuwi, dadi rengking lan oleh rengking..."

"Karepe bapakmu ki ngene lo, Nang," simbok ngendhegake anggone dondoman. Ndondomi sarunge bapak sing bedhah. "Yen awakmu pinter njur nganti oleh rengking, awakmu arep ditukokake sepedha jengki sing gres saka tokone mbah Kanah. Awakmu sanggup oea?"

Aku mesem. Ah, bapak! Arep nggawe atine anake lanang bungah wae lo kok ndadak ngangge mbulet barang! Ya sanggup banget, no! Eh, apa dikira anake sing nggantheng kaya Sogok Thuntheng iki gak bakat pinter? Wow, sida dakbuktekake, pak, mbok! Panjenengan tunggu wae lah!

Eh, sejatine tanpa ndadak diiming-imingi sepedha jengki gres ritek, aku ki wis semangat empat lima lo anggonku sinau. Ngerti perkarane? Aku mesem. Mesthi wae aku gak kira bakal blaka marang panjenengan pak, mbok! Malah-malah aku penjenengan jewer. Sida kojur tenan!

Ning kagem panjenengan para maos, aku gak kate rahasia-rahasiaan. Blaka suta wae. Ning janji, aja kandha-kandha marang wong tuwaku ya! Siiip!

Neng sekolahanku, sing lagi daksaba kurang saka rong wulan kuwi; sawise jeleh nganggo sragam putih merah hati jroning wektu nem taun, jebule bek ceweke sing huayu-huayu. Tenan. Sing sakelas karo aku wae, ana sing jenenge Sukarti, Mahmudah terus Yayuk terus... halah akeh pokoke. Durung sing tangga kelasku, ana Peni, Dwi, Ken Indri terus... walah... akeh maneh pokoke!

Terus terang wae, iku sing njalari atiku seneng. Marakake aku tansah semangat. Ya semangat budhal sekolah, mulih sekolah, istirahat, Ya semangat budhal sekolah, mulih sekolah, istirahat, nggarap PR, nyisir rambut nganti klimis, nganti tekan semangat nyambangi warunge mbah Man sing stand by ana ing mburi sekolah kuwi. Nah, kanggo nyempulurake semangatku sing keri mau, gak wurung aku butuh modhal. Perlu dhuwit sangu. Ning gak pa-pa, isa sethithik ngrayu simbok, pokok gak nganti korupsi dhuwit SPP, he... he...

Dhek kapan kae aku dilirik Mahmudah. Awakku langsung krasa sumyah. Dhek kapan kae aku uga kober barengan mulih karo Sukarti. Bola-bali getihku krasa gak mili. Terus, dhek kapan kae aku uga kober ketemu karo Peni ndhuk warunge mbah Man. Jagat... jagat dewa bathara! Jantungku, kaya mandheg-mandhega! Mangka iku lagi wae weruh blegere lho, durung nek komanan jagongan, wow... Peni... Peni... sida mati aku! Bocah kok ayune kaya ngono, njut sapa sing marahi!

Ning kojur tenan kanggone wong sing lagi kesengsem. Bola-bali ati krasa panas kemranyas kalamangsa meruhi cewek-cewek mau caket karo sawenehing cowok. Rasane kok kaya gak lila. Gak entuk. Eh, terus hak apa se aku iki? Durung-durung wis cemburu, rek! Ngawur.

Sing paling nabet ing pangeling-elingku nganti tekan seprene yakuwi nalika ing sekolahanku lagi dianakake persami. Perkemahan Sabtu Minggu! Manut ature pak Yitno, guru bahasa Indonesiaku sing uga ngrangkep dadi pak pembina pramuka, perkemahan kuwi penting. Penting kanggo ajar mandhiri. Ajar urip bebrayan sing cundhuk karo jejere kita minangka makhluk sosial. Ajar nresnani alam sakupeng komplit karo ajar ngandelake rasa kawigaten marang alam kasebut. Awit, ngendikane pak Yitno, nganti tekan mbesuk kapan wae, menungsa ora bakal bisa uwal alam. Menungsa tansah banget gumantung marang alam. Mulane alam kudu ditresnani, kudu dijaga murih ora rusak lan dirusak. Yen ana wong sing seja ngrusak alam berarti wong kasebut seja ngrusak awake dhewe.

Aku banget ketarik karo ngendikane pak Yitno mau. Kanca-kanca sing liya sajake ya jas bukak iket blangkon karo aku. Sama juga sami mawon! Mulane sing ngeloni persami mau ya mbludag tenan. Plataran ngarep sekolahan nganti kebak dening tendha-tendha. Tendha sing maneka warna cakrik lan rupane. Serasi banget karo rupane kembang flamboyan sing ngayom-ayomi.

Kami pramuka Indonesia...
Manusia Pancasila...

Aku sabala sing tansah kebuntel sragam pramuka nembangake lagu kasebut kanthi kidmat dipimpin dening Pak Yitno. Bola-bali dakliriki Sukarti, Mahmudah, Peni lan cewek-cewek ayu kuwi, sing kebeneran mapan ana barisan ngarep. Ning, sakeplasan wae cewek-cewek mau ora kober nglirik aku. Sajake lagi padha katrem ngematake swasana esuk sing endah kuwi. Gak pa-pa, atiku wis marem kok!

Wayah sore, sadurunge nyusul arek-arek budhal nyang omahe pendhudhuk sakupenge sekolahan kanggo nunut adus sawise kekeselen nindakake maneka kegiatan, kober daklirik arek-arek wedok lagi padha rayahan ngluroni kembang flamboyan sing rontog kesaput angin. Klebu cewek-cewek ayu kuwi. Kembang warna abang enom kuwi enggal dironce njut dicantholake ngarep tendhane dhewe-dhewe. Sawetara, ana sing mung ngarasi, sajak karep nyecep entek gandane sing arum.

Bengine, atiku tetembangan. Sukarti, sing kebeneran sakregu karo Mahmudah yakuwi regu Flamboyan, ndadak wae bengak-bengok njaluk tulung supaya dipompakake lampu petromake sing mbleret. Kira-kira dijalari saka ngrembuyunge rasa solidaritasku, aku gage njranthal seja kate aweh pertolongan. Gak kathik minggrang-minggring, lampu petromak kang cemanthel ndhuk ngarep tendha regu Flamboyan kuwi gage daksaut. Langsung dakpompa.

Crak... cruk... crak... cruk!

"Matur nuwun lo, Ek!" semantane si Karti sajak karo piye ngono. Jangkrik, kedawan mikir, rek!

Mahmudah melu ndlongopake sirahe saka njero tendha. Mesem. "Eh, Eko, ya!" aruh-aruhe semanak. "Eh, koen lak isa nggitar. Ajarana aku, ya!"

Sapa kandha? Aku gak pati isa, Mud! Mudah wis kadhung mlebu. Let sedhela metu kari nyangking gitar. Wih, sida grogi ki!

Untung, nalika aku nampani gitar saka Mahmudah mau, Gunawan, kanca reguku sajak ketarik. Gak dakundang ngono, arek kuwi mara. "Wah, asyik iki, gitaran. Melu, ah!" kandhane karo melu mapan lungguh neng ndhuwur klasa.

Aku arek papat sida gitaran. Sida tetembungan. Gak suwe ngono arek-arek liya nrambul. Tambah gayeng nalika Yanto, kancaku sing jago nggitar teka. Lan, saya rageng maneh, kalamangsa arek-arek saka regu Melati; Peni lan Dwi klebu ing antarane, melu nyumbang swarane sing gak pati sember-sember banget.

Rembulane wis dhuwur. Hawane wis atis. Angin wengi sembribit banter. Kembang-kembang flamboyan nyebarake ganda arume. Aku sabala isih asyik gitaran. Isih asyik tetembangan. Mbuh nganti jam pira lagi padha klenger ambruk ing tendhane dhewe-dhewe. Kegubel impen-impen endah. Esuke, srengenge kencar-kencar. Sorote kang manget-manget nrobos tendha, nglilirake awak-awak sing kebuntel sarung.

Persami hebat! Gunawan kasil macari Sukarti. Yanto kasil runtang-runtung karo Mahmudah. Atiku kroncalan, utekku molak-malik mikirake Peni. Yok apa carane nyedhaki Peni? Bene Peni isa dadi my girl?

Cilaka, gak suwe ngono aku entuk kabar, Peni wis dipacari Kicuk. Atiku njendhel.

Tresnaku mencolot, neba ing atine Kayun, cewek sing babar pisan gak mlebu nominasi cewek primadhonaku sasuwene iki. Wajahe biasa-biasa wae. Mung wae, Kayun areke meneng, gak kakehan gunem. Prasaja. Iku beke sing marahi atiku krasa tentrem semangsa cecaketan karo dheke. Tresnaku kepati-pati.

Jenenge ABG, anane mung gombal. Pacaran anane mung cemburu wae. Sethithik-thithik nesu, tukaran, dredah. Kadhang gak jelas perkarane. Ngawur. Gak terkontrol. Pancen wae wong-wong tuwa padha nglarang pacaran.

Masiya ngono, Kayun sempat gawe semangatku saya makantar. Kejaba aku njut kasil oleh rengking, kaya sing digegadhang wong tuwaku, aku dadi pinter nulis surat, nyuntak unek-unek ati liwat tulisan. Muga-muga, mbesuk yen teka titi wancine aku kudu nulis skripsi ndhuk bangku kuliah mengko, iki dadia bunci. Hee... hee, apa ana hubungane, ya?

Sing penting aku wis kasil gawe bombonge bapak karo simbok. Sing penting aku sida dipundhutake sepeda jengki sing gres. Sing penting aku kasil munggah kelas, njut lulus!

Ah, SMP! Rasane lagi kapan aku saba ing plataranmu. Rasane lagi kapan crita-crita endahmu gumelar ngrenggani saurute dina-dinaku sing lucu. Rasane lagi kapan kembang-kembang flamboyanmu dakluroni saben esuk, saben awan lan saben wektuku. Rasane lagi kapan eseme cewek semengit aran Kayun mungkur. Rasane lagi kapan mister Teguhku ngutus aku push-up merga telat teka sekolahan. Rasane lagi kapan semangat makantarku mecaki menit-menitmu. Rasane lagi kapan. Ya, lagi kapan! Rasane pancen durung mungkur-mungkur. Gandane flamboyanmu isih cemanthel ing saben napasku. Rasane nganti kapan wae. Mergane aku tansah sregep nggebyuri ing saben wektu. Saka kuwi, dakajab muga kembang flamboyan kang ngrembuyung ing plataran omah cekli kuwi tansah mekar arum mangambar. Kaya sawenehing tresna kang nembe wae dakdhedher ing tamane atiku. Tresnaku marang wanita prasaja, gak kakehan gunem. Dheweke yakuwi flamboyan SMPku biyen lan sing kober murca saka telenging ati iki merga durung mudheng karo sejatining tresna. Ah, Kayun!*

..:: 000 ::..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Maskumambang

Tembang Maskumambang Maskumambang  ( ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ)  asale saka gabungan rong tembung, yaiku “mas” (emas) lan “kumambang” saka tembung kambang....