Dhandhanggula

Tembang Dhandhanggula


Dhandhanggula (ꦝꦤ꧀ꦝꦁ​ꦒꦸꦭ) asale saka tembung gegadhangan ing basa Jawa kang nduweni teges pangarep-arep, angen-angen utawa cita-cita. Tembung gula  tegese legi utawa endah. Dadi, Dhandhanggula tegese becik lan pangarep-arep.

Dhandanggula saka  tembung dhandhang sayektine jenising kewan manuk kang saben menclok nyuwara nggaok gaok, umume diarani manuk gagak. Gula tegese samubarang kang legi.

Paugerane tembang Dhandhanggula yaiku:
Guru gatra 10, guru wilangan 10,10,8,7,9,7,6,8,12,7, guru lagu a,e,u,i,a,u,a,i,a.

Tuladhane tembang Dhandhanggula:
Sakola urang tempat nu asri
Tempat pikeun urang dialajar
Nyiar elmu soson-soson
Dibimbing bapa guru
Tangtu ibu guru ge hadir
Keur ngajar balerea
Nu butuh ku elmu
Pikeun kamajuan bangsa
Sakola kuduna diriksa tarapti
Ku urang sarerea

                    Nanging yen sira ngguguru kaki
                    Amiliha manungsa kang nyata
                    Ingkang becik martabate
                    Sarta kang wruh ing kukum
                    Kang ngibadah lan kang ngirangi
                    Sukur oleh wong tapa
                    Ingkang wus amungkul
                    Tan mikir pawewehingliyan
                    Iku pantes sira guronana kaki
                    Sartane kawruhana

Ilmu sing isa digowo mati
Mung ilmu manfaat lan jariyah
Dieling titi wancine
Wancinane uripmu
Merga urip ning dunya iki
Namung urip sadela
Bebarengan ngilmu
Ilmu sing marang agama
Kunci kaselamatane dunya iki
Ing donya lan akhirat

                    Dha makarya kanthi ikhlas ati
                    Bebarengan saha tangga-tangga
                    Saha sanak sadulure
                    Mengko dadi sadulur
                    Seneng yen padha kerja bakti
                    Atine ora susah
                    Iku gugur gunung
                    Mugia tansah ngrembaka
                    Ora oncat saka ati sanubari
                    Muga bisa piguna

Kudu labuh lebet maring negari
Laku gotong royong katindakna
Sepi pamrih rame gawe
Ja sira nganti nyingkur
Tumindak utama sayekti
Nyawiji mring bebrayan
Kudu kita junjung
Minangka wajibe kita
Gotong royong bebarengan aja lali
Maju negara bangsa

                    Yogyanira kang para prajurit
                    Lamun bisa samiyo anuladha
                    Duk ing nguni caritane
                    Andelira sang Prabu
                    Sasrabau ing Maespati
                    Aran Patih Suwanda
                    Lelabuhanipun
                    Kang ginelung tri prakara
                    Guna kaya purun ingkang den antepi
                    Nuhoni trah utama

Langkung ana jamane narpati
Nora nana pan ingkang nanggulang
Wong desa iku wadale
Kang duwe pajek sewu
Pan sinuda dening narpati
Mung metu satus dinar
Mangkana winuwus
Jamanira pan pinetang
Apan sewu wolungatus anenggih
Ratune nuli sima

                    Dadi manungsa sing ngati-ati
                    Ngati-ati lan ugi waspada
                    Waspada marang uwuhe
                    Amarga uwuh iku
                    Menawi ora dirumati
                    Isa nggawe cilaka
                    Elinga wektumu
                    Kanggo ngerumati donya
                    Marang uwuh waspada lan ngati-ati
                    Urip slamet ing donya

Ayo para kanca padha resik-resik
Aja mung turan-turon lan dolanan
Becik da nyambut gawe
Rewang kanthi mituhu
Dadia siswa-siswi kang apik
Sukur bisa nengg desa
Dadi tambah makmur
Yen padha ngramut lingkungan
Apa wae katon sehat serta apik
Bisa jaganing jagat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Maskumambang

Tembang Maskumambang Maskumambang  ( ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ)  asale saka gabungan rong tembung, yaiku “mas” (emas) lan “kumambang” saka tembung kambang....