Cecaturan Wayah Sore
dening: Neta
BIMO ketua Karang Taruna mbukani rapat. Dhog-dhog-dhog!!! Keprungu meja dithuthuk gandhen ping telu.
"Maturnuwun, ugh-ugh-ugh..." mung tekan kono. Dumadakan swarane Bimo kandheg. Swara sing maune mrebawani iku ujug-ujug ilang dadi swara watak sing kepingkel-pingkel. Bimo nganti abang-ireng lan mripate metu luh-e. Dhuh, mesakake ketua Karang Taruna iku.
Didot meh wae ngakak ndulu adegan iku. Sebab, dheweke mau ndulu kanthi cetha ana lamuk ndlusup ing gorokane Bimo. Mula, watuke jan kemekelen.
"Kok watuk, Bim?" takone Nawang, sekretaris sing lungguh ing sandhinge Bimo. Bimo ora bisa semaur, dheweke isih ibut karo watuke. Nawang banjur njupuk gelas teh sing wis sumadya ing meja.
"Dimimik sik Bim... Ben watukmu mari..." ucape Nawang kebak rasa sayang. Banjir kanthi drijine sing mucuk eri, Nawang ngethukake teh ing lambene Bimo. Dhuh... ngulapake mripat! Sing melu rapat gemreneng. Dene Didot bisane mung ambegan landhung nata pangrasane. Embuh, pangrasa apa sing pencolotan ing batine. Apa serik, meri nyang Bimo? Banjur, apa alasane Didot duwe pangrasa mengkono? Rak antarane Nawang lan Didot ora ana sesambungan apa-apa, mung kanca raket? Kanca dolan, kanca diskusi wiwit cilik.
Nanging, embuh, anane "adegan" mau bisa duwe magnet sing marakake Didot menyat ninggalake rapat sing lagi lumaku sawetara menit. Tamtu wae, kabeh sing rapat melu nyawang kanthi eram.
"KOK kowe ujug-ujug ninggalake rapat, Di?" takone Nawang nalika dolan nyang omahe sesuke.
"Aku kesusu nyang mburi..." sumaure Didot sakenane. Nawang mung meneng. Ora kepengin nlesih luwih jero.
"Kowe ngerti Bimo mau bengi nyeleh jabatan?" ujug-ujug Nawang takon.
"Karepmu mundur ngono?" Didot njenggelek. Dheweke malih simpatik krungu kabar mau.
"He-em, dheweke rak arep transmigrasi nyang Pangkalan Bu-un. Mosok bisa nindakake tugas saka sabrang..."
"Bah," tumanggape Didot sengit. Nawang uga mung meneng ora nlesih luwih adoh.
"O, iya... mbok aku gawekna guritan, Di..." Nawang ujug-ujug nembung sawise meneng rada suwe. Didot mendelik. Ora ngerti karepe Nawang. Nanging keselak nyang mburi. Nalika bali maneh dheweke nyangking kertas salembar.
"Kowe pinter ngronce ukara. Saiki aku tulung gawekna guritan sing isine kekancan iku kudune ora duwe pamrih apa-apa... Pokok sing ikhlas, sing tulus..." kandhane Nawang karo mesem. Didot sakala krasa dhadhane anteb. Sapa sing kok karepake, Nawang? Batine Didot pencolotan.
"Kanggo sapa geguritan iku?" Didot ora kuwat mendhem rasa. Dheweke duwe firasat. Aja-aja...
"Ora, ora nek kowe. Ngono wae kok sewot..." aloke Nawang sajak maca atine Didot. Cowok iku ambegan lega.
"Ya, wis... piye nek sesuk wae dadine? Mengko dak terake nyang omahmu. Bubar surup..."
"Ora kesusu, kok. Ora sesuk ora apa-apa," ucape Nawang karo mesem sawise meneng sedhilut.
WENGINE, Didot srat-sret miwiti ngronce geguritan. Lan sawernane pitakonan pencolotan ing batine. Apa bener Nawang mung kekancan karo Bimo? Kok patrape mesra men. Banjur Didot ngeling-eling panjaluke Nawang mau. Njaluk digawekake geguritan sing isine nyempyok atine. Bener Nawang mau kandha nek geguritan kasebut ora katujokake marang dheweke. Nanging embuh satemene...
Satemene, Didot rumangsa dosa. Ora samesthine dheweke nduwe pangira sing ora-ora nyang Nawang. Kekarone wis kaya sedulur. Nanging... Didot nganti duwe pangira mengkono merga dheweke pancen duwe ati nyang Nawang, mung wae Didot ora kelakon ngandhakake.
LAWANG omahe Nawang lagi menga sithik wengi iku. Pekarangan katon remeng-remeng. Mung siniram sunare lampu taman lan sunare rembulan separo.
Merga pager pekarangane saka godhong lunas, Didot ora kathik ngebel dhisik. Dheweke terus nglunyur wae. Nalika arep nothok lawang. Dheweke krungu swarane Nawang gemremeng karo Bimo. Didot ngematake ing waliking kori. Sajake Nawang gawe rancangan Bimo sing ana sesambungane karo dheweke.
"Piye carane guneman nyang Didot, Bim?" takone Nawang.
"Apa karepmu?" Bimo takon alus.
"Nganti saiki Didot durung ngerti nek aku satemene wis nikah karo kowe lan arep transmigrasi nyang Pangkalan Buun..."
"Banjur apa sesambungane karo Didot?" Bimo takon maneh.
"Sajake... dheweke duwe ati nyang aku..." sumaure Nawang.
"Aku kuwatir nek dheweke kandha nyang aku. Mula, mumpung dheweke durung ngaku, aku nyoba njaluk digawekake geguritan sing isine satemene rada nampeg dheweke. Karepku, geguritan mau arep tak enggo kadho kanggo dheweke yen aku pamit mengko. Nanging piye ya... aku rumangsa dosa. Aku kok ngakali dheweke... Aku ora ngerti kudu kandha piye..." aloke Nawang kanthi serak.
"Ya, kandha wae nek..." Huh... dumadakan dhadhane Didot mengkap-mengkap lan sirahe klemun-klemun. Sing pencolotan ing batine wis cetha saiki. Dheweke wurung nothok lawang. Mak klepat Didot nggendring bali.
Geguritan sing sedyane kanggo Nawang diuntel-untel. Lan, sesuke dheweke ngeposake kartu putih sing unine:
"Nawang, aku seneng... kowe wis nemu kamulyan. Muga kowe panggah rukun. Lan slamet ing omahmu mengko. Geguritanmu ora sida dak kirimake. Alesane wis kok jawab nalika kowe cecaturan wingi sore..."
Kancamu: Didot.*
..:: 000 ::..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar