Bocah-Bocah ing Dhusunku

Bocah-Bocah ing Dhusunku

dening: Arif Priyanto


Wancine wis ngancik mangsa ketiga. Ing wayah sore akeh bocah-bocah sing padha ngulukake layangan ing ara-ara wetan dhusun Jamanglulang, ya dhusunku. Rasane seneng nyawang bocah-bocah padha dolanan gayeng, padha ngulukake layangan sing maneka warna. Saben sore mesthi aku nglonggarake wektu kanggo nyawang layangan sing ngrenggani langit. Kuwi daktindakake sawise nggolekake pakan Banthuk, sapi sing dakingu.

“Nglaras tenan...” ana swara rada seru.

Pranyata kuwi swarane Kang Marlam, dheweke nembe nyangking bagor isi suket, nembe bar golek suket.

“Hahaha... iya kang. Kene leren kene dhisik, galo layangane bocah-bocah wis mumbul, apik tenan. Lowung kena dienggo nglelipur ati dimen rada seneng rasane,” tembungku.

Kang Marlam nyedhak, nyelehake bagor isi suket ing cedhak cagak gubug sing dakanggo leren. Kang Marlam banjur munggah brak gubug, ngetokake rokok bungkuse biru putih.

“Karo udud, dimen luwih nikmat,” tangane ngathungake bungkus rokok.

Kanthi alus daktolak anggone nawani rokok. Aku wis janji yen ora bakal udud, awit upama diitung, dhuwit sing dienggo tuku rokok genah bisa dakenggo nukokake sega goreng Panji, anakku lanang siji-sijine.

“Anakmu apa ya gawe layangan lan nampa pesenan?” pitakone Kang Marlam.

“Hla kae... sing nganggo kaos putih ireng kae anakku,” aku nuding Panji sing nembe ngundha layangan bapangan.

“Oh iya... dadi kelingan nalika isih bocah biyen. Rasane kaya ora duwe sesanggan, dolanan apa wae bisa seneng.”

“Bener... ya kaya bocah-bocah kae, anane mung seneng. Lan nyatane ya pancen mangkono. Sanadyan jaman saiki prasasat dolanan elektronik pirang-pirang, nanging nyatane dolanan layangan isih bisa narik tumrap bocah-bocah cilik ing Jamanglulang kene.”

“Muga-muga kuwi bisa tetep lestari... awit menawa dolanan bareng ngono kae rak luwih bisa ngraketake anggone kekancan.”

“Nanging kuwi yen mung mangsa-mangsa mangkene iki, Kang. Padatan upama wis lungse usum layangan, bocah-bocah kae ya bali maneh marang hape-ne dhewe-dhewe.”

“Iya pancen mangkono, nanging bocah-bocah kae daksawang isih gelem kumpul karo kancane. Kaya Dardi, anake Lik Kami kae kaya-kaya dadi tetunggule bocah-bocah cilik sing kerep dolan menyang omahe. Kadhangkala padha gegojegan, lan kadhangkala padha mancing ing Kali Muncar.

“Iya kang. Nanging luwih becik wong tuwane ya kudu ngawasi bocah-bocah kae. Awit kadhangkala nganti wengi anggone padha kumpul-kumpul babar pisan ora digoleki dening wong tuwane.”

“Pancen luwih becik mangkono... Eh Mas Arif... aku dakdhisik ya? Aku entuk giliran jatah banyu iki.”

“Iya kang. Mangga-mangga, muga tandure subur, lan ngasilake panen sing turah mratah.”

“Amin.”

Ora let suwe saka lungane Kang Marlam, ana bocah papat nyedhak.

“Pak... napa Panji taksih adol layangan?” pitakone Banar. Bocah sing rada gedhe.

“Coba takona dhewe, kae hlo... Panji ana kana,” wangsulanku karo nuding Panji.

“Matur nuwun, Pak.”

“Nggih sami-sami.”

Bocah papat mau mlayu nyedhaki Panji. Bocah-bocah cilik kuwi isih gelem basa marang aku, lan nalika wis rampung omongan gelem ngucapake matur nuwun. Rasane ana rasa tentrem ing dhadha iki.

Panji pancen prigel yen gawe layangan. Biyen dakwarahi sepisan wis banjur bisa. Mbokmenawa duwe bakat seni, awit nalika nggambari layangan sing wis dadi ya katon apik. Wernane bisa katon kontras yen karo langit, mula katon cetha layangane. Bab kuwi njalari kanca-kancane kepengin tuku layangane Panji.

“Pak... nika kanca-kanca sami nyuwun kula supados ndamelke layangan, mangke badhe dipuntumbas. Pareng boten, Pak?” pitakone Panji sawijining wektu.

“Entuk wae... nanging yakuwi, aja nganti ngganggu wektumu sing kanggo sinau. Pokoke sing paling penting kuwi sekolah karo sinau.”

“Hore... matur nuwun, Pak.”

Wiwit kuwi, Panji asring dipeseni layangan dening bocah-bocah ing Jamanglulang. Malah ora mung kuwi, bocah tangga dhusun kaya Sabukjanur lan Bantaralun uga ana sing pesen layangan. Apamaneh menawa ngepasi dina prei lan ungsum layangan, omahku kebak bocah-bocah cilik padha antri pesen layangan marang Panji.

Seneng rasane weruh bocah-bocah sing raine polos kuwi padha gegojegan. Seneng maneh nalika weruh anakku sing sumringah saben ngrampungake layangan pesenane. Ana sing pesen layangan gereh pethek, ana uga sing pesen layangan bapangan, lan uga ana sing pesen kanthi nggawa conto gambar layangan sing modhele maneka-warna. Nyatane, kabeh pesenan kuwi bisa dileksanani dening Panji.

Nalika ngenteni pesenan kuwi, bocah-bocah padha gegojegan lan dolanan. Ana uga sing katrem karo hp sing digawa. Pokoke padha asik dhewe-dhewe. Sing ora dolanan hp ana sing jelungan, oyak-oyakan, dhelikan lan liya-liyane. Bocah-bocah lanang kuwi jembigar, ragane isih katon seger-seger, polatane bingar-bingar. Muga-muga wae mbesuk bisa dadi wong-wong sing migunani tumrap pepadha lan bangsa.

Unsum dolanan layangan wis lungse. Awit wis ngancik mangsa labuh utawa udan sepisanan, wancine para kadang tani kaya aku iki wiwit nandur ing tegal sing banyune mung njagakke banyu udan.

Wis ora ana maneh bocah-bocah sing dolanan gayeng ing ara-ara wetan dhusun. Nanging isih ana saperangan sing bal-balan ing ara-ara kuwi, kalebu Panji anakku. Kadhangkala padha nekad bal-balan nalika udan, lan kuwi ndadekake kuwatir. Awit ing wektu saiki akeh bledheg sing nyamber, kadhangkala bisa nuwuhake kurban.

“Kowe yen bal-balan aja pas udan! Bahaya. Kanca-kancane dikandhani!” tembungku sawijining sore, nalika Panji kembroh amerga udan-udanan lan bal-balan ing ara-ara wetan dhusun.

"Inggih, Pak."

Wiwit kuwi Panji wis ora bal-balan maneh. Kanca-kancane uga mangkono, jare wedi yen disamber bledheg.

Wengi krasa tintrim, hawane atis, lan grimis riwis-riwis prasasat ora mandheg. Siaran wayang kulit ing radio Jawa Mulya bisa dadi kanca ing wengi kuwi. Ora krasa mripat merem karepe dhewe, wusanane bisa turu.

Esuke, dhusun Jamanglulang geger. Ana kabar kalamun Dardi konangan nyolong ing warung cedhak mbulak Tawang.

“Apa? Dardi bocah cilik anake Lik Kami kae? Kecekel?” pitakonku marang bojoku sing nembe bali saka warunge Mbak Tuti.

“Iya. Saiki kabeh ana kantor pulisi,” wangsule bojoku.

“Kabeh kepiye? Apa ora mung Dardi thok?”

“Sing kecekel bocah telu... Dardi, Jalu lan... kae hlo anake Tarsim kae sapa jenenge?”

“Tarko?”

“Iya. Tarko... Untung wae bocah telu kuwi ora diajar dening wong kana. Jare nalika arep diajar dening wong Tawang, bocah telu kuwi diayomi dening Mbah Branggah, priyayi sepuh sing biyen jare manggon ing Jamanglulang kene.”

“Ya’ ampun... ora ngira babarpisan kalamun bocah-bocah kuwi bisa nglakoni bab sing kaya mangkono...” aku ngelus dhadha.

“Panji ana ngendi?”

“Mau wis ngepit menyang Umbul Sungsang. Iki rak preian, jare arep jeguran ana kana.”

“Coba golekana dhisik!” katone bojoku kuwatir banget.

Aku enggal nguripke pit montor, banjur nggeblas menyang Umbul Sungsang. Ing kana katon Panji nembe jagongan karo Wisnu, kanca rakete.

“Yen wis adus gek ayo bali dhisik, galo digoleki ibumu.”

“Inggih, Pak. Kula adus rumiyin.”

Panji lan Wisnu mangkat adus, ora sida jeguran. Aku nyawang anakku sing isih bocah kuwi, muga-muga ora katut ing bab-bab sing ora bener. Unjal napas landhung bola-bali rada bisa nglonggarake pikiranku. Kepiyea wae aku kuwatir marang sing nembe kedadean, lan sing dilakoni dening saperangan bocah-bocah ing dhusunku.

Nalika tekan ngomah, Panji daktakoni apa wis krungu bab sing nemahi Dardi, Jalu lan Tarko. Panji wis ngerti, lan uga kandha kalamun dheweke ora gabung karo kelompoke Dardi. Atiku ayem, semono uga bojoku.

“Ngati-ati hlo, Le... aja grubyag-grubyug nglakoni bab-bab sing ora cetha!” bojoku ngelus sirahe Panji.

Ora ngira, sawise dipriksa dening pulisi, pranyata Dardi lan kanca-kancane kuwi wis duwe jaringan. Lan wiwit kewiyak, kalamun warung-warung lan toko-toko sing asring kelangan kae merga pokale Dardi lan kanca-kancane. Bocah cacah nembelas ing dhusun Jamanglulang kesangkut ing kadurjanan kuwi. Ora ngira tenan... bocah-bocah sing katone polos kuwi, pranyata...

..:: 000 ::..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Maskumambang

Tembang Maskumambang Maskumambang  ( ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ)  asale saka gabungan rong tembung, yaiku “mas” (emas) lan “kumambang” saka tembung kambang....